SOAL LATIHAN ULANGAN TENGAH SEMESTER 2 KELAS 5 SD BAHASA JAWA
Maret 13, 2019
Add Comment
Sugeng enjing adikku sekalian tetep semangat anggone sinau, ayo digarap kanthi setiti lan ati-ati.
I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d minangka wangsulan kang bener!
1. Crita ing ngisor iki sing kalebu crita legendha yaiku ....
a. Dumadine Kutha Salatiga c. Upin Ipin
b. Kancil Nyolong Timun d. Spongebob
Wacan kanggo soal 2 – 5
Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
2. Tembang Pangkur ing ndhuwur dumadi saka … gatra.
a. 6 c. 8
b. 7 d. 9
3. Salah sijine paugeran tembang macapat yaiku guru wilangan. Guru wilangan gatra kapindho ing wacan dhuwur yaiku ....
a. 10 c. 12
b. 11 d. 7
4. Guru wilangan ing tembang pangkur yaiku ….
a. 8, 11, 8, 7, 12, 8, 7 c. 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
b. 8, 11, 8, 7, 12, 7, 7 d. 8, 11, 8, 7, 12, 7, 7
5. Guru lagu ing tembang pangkur yaiku ….
a. a, p, u, a, u, a, i c. a, i, u, a, u, a, a
b. na, ip, ku, na, lu, ma, ri d. a, i, u, a, u, a, i
6. Sabar duwe watak sregep, dene mbakyune ….
a. gemi c. boros
b. kesed d. ala
7. Segara kidul kae … banget, beda karo kali ngarep omahku sing ….
Tembung kosok balen kang trep kanggo ukara ing ndhuwur yaiku ….
a. jero – cethek c. jero – cendhek
b. njero – njaba d. njero – cethek
8. Kelas iki … amarga lampune diurupke. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara yaiku ….
a. peteng c. padhang
b. njero d. njaba
9. Lintang kae menawa ngopek kersen ora nganggo gothek amarga awake ….
a. dawa c. dhuwur
b. cendhek d. ndhuwur
10. Bocah … padha dolanan dhakon, dene bocah … bal-balan ing lapangan.
a. grapyak – anggak c. gemi – boros
b. becik – ala d. wadon – lanang
11. Saben dina aku nggawa piranti sing wujude dawa iki. Ing jerone ana mangsi/tintane. Biyasane tak gunakake kanggo nulis. Piranti iki jenenge ….
a. bolpen c. buku
b. potelot d. garisan
12. Panggonan ing sekolahan sing biyasane digunakake kanggo maca buku crita jenenge ….
a. mushola c. lobi
b. kantin d. perpustakaan
Wacan kanggo nomer 13 - 20
Nalika Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, dheweke weruh ana putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putrine Prabu Baka. Bandung Bandowoso kepengin nglamar Roro Jonggrang. Dheweke gelem dadi garwane Bandung Bondowoso menawa digawekake 1000 candhi. Bandung Bondowoso diwenehi wektu sewengi kanggo ngrampungake candhine.
Kacarita Bandung Bondowoso ngutus Jin lan setan supaya nggawe candhi sing cacahe 1000 kuwi. Durung genep 1000 candhi, jago-jago padha kluruk. Iki bisa dumadi amarga Roro Jonggrang ngutus dhayange ngobong dami lan nuthuk lesung. Wadyabalane langsung ilang. Bandung Bondowoso muntap. Roro Jonggrang mblenjani janji. Sanalika uga Bandung Bondowoso nyabda Roro Jonggrang dadi candhi.
a. Borobudur c. Sukuh
b. Prambanan d. Mendut
14. Kepriye watake Roro Jonggrang?
a. culika c. dugsiya
b. umuk d. pinter
15. Kepriye watake Bandung Bondowoso?
a. serakah c. clemer
b. srei d. gumedhe
16. Bandung Bondowoso muntap. Tegese tembung muntap yaiku ….
a. nesu c. seneng
b. sedhih d. wedi
17. Kenangapa Bandung Bondowoso muntap?
a. Amarga ora bisa gawe 1000 candhi.
b. Amarga ora bisa nguwasani Prambanan.
c. Amarga wadyabalane padha ilang.
d. Amarga para dhayang ngobong dami.
18. Pratelan kang trep ora karo isine wacan yaiku ….
a. Bandung Bondowoso ngutus wadyabalane ngobong dami.
b. Roro Jonggrang putrane raja kerajaan Prambanan.
c. Roro Jonggrang mblenjani janjine marang Bandung Bondowoso.
d. Roro Jonggrang disabda dadi candhi kanggo mujudake kekarepane.
19. Piweling apa kang bisa kojupuk saka crita ing ndhuwur?
a. Aja gelem dadi wadyabalane Bandung Bondowoso.
b. Aja seneng nuruti kekarepane awake dhewe.
c. Aja seneng karo wong wadon sing ayu banget.
d. Aja gampang percaya karo wong liya.
20. Crita antarane Roro Jonggrang lan Bandung Bondowoso diarani ….
a. dongeng c. legenda
b. fable d. mite
21. Mbah kakung pinarak ing kursi goyang. Tembung pinarak tegese ….
a. lungguh c. ngadeg
b. mundur d. maju
22. Nalika pidhato, pak lurah jumeneng ing ngarep. Jumeneng tegese ….
a. lungguh c. ngadeg
b. mundur d. maju
23. Crita kancil nyolong timun diarani ....
a. legenda c. mitos
b. fabel d. mite
24. Adiku tuku sandangan ning pasar. Tulisen nganggo aksara jawa....
25. Aku menyang Solo. Tulisen nganggo aksara jawa ....
Wacan kanggo nomer 26 - 32
Rawa Pening
Kacarita ing desa Banarawa. Nalika semana, ana bocah bajang. Bocah bajang mau sejatine membane ula Baru Klinthing. Weruh yen daginge ula wis mateng, bocah bajang marani omahe Ki Juru Mathokan.
“Kula nuwun”, pitakone bocah bajang.
“ Mangga, sapa kowe”, jawabe Ki Juru Mathokan.
“Kula Baru Klinthing, badhe nyuwun daging sawer”.
“ Kowe ora melu rekasa, arep njaluk daging. Sing rekasa wae durung ngrasakake. Kana lunga !” Ki Juru Mathokan duka.
Si Bocah Bajang tekan omahe Mbok Randha. Senajan uripe rekasa Mbok Randha ora mentala weruh kahanane Baru Klinthing. Baru Klinthing diajak mlebu omah banjur diwenehi sega lan daging ula
a. Desa Bana c. Desa Rawa
b. Desa Sampangan d. Desa Banarawa
27. Sapa wae paraga crita ing dhuwur ? ....
a. Bocah bajang, Ki Juru Mathokan c. Ki Juru Mathokan
b. Bocah bajang, Ki Juru Mathokan, Mbok Randha d. Mbok Randha
28. Sapa Sejatine bocah bajang iku ? ....
a. Ki Juru Mathokan c. Baru Klinthing
b. Mbok Randha d. daging sawer
29. “ Ki Juru Mathokan duka”. Tembung duka tegese ....
a. nesu c. ngguyu
b. seneng d. turu
30. Baru Klinthing iku sejatine ....
a. sapi c. pitik
b. kebo d. ula
31. Crita ing dhuwur kalebu crita ....
a. Mite c. dongeng
b. Fabel d. legendha
32. Rawa Pening ana ing tlatah ....
a. Kota Semarang c. Kota Pekalongan
b. Kabupaten Semarang d. Kabupaten Banjarnegara
33. Jejer kali ditulis nganggo aksara jawa yaiku ….
34. Sing ora kalebu tembang macapat yaiku ....
a. Gundul – gundul pacul c. pangkur
b. Dhandhanggula d. gambuh
35. Tembang “Bapak Pocung” kalebu tembang ....
a. dolanan c. macapat
b. campursari d. dangdut
II. Wangsulana pitakonan-pitakonan iki kanthi cekak!
1. Cacahe tembang macapat iku ana ....
2. Tibaning swara ing pungkasaning gatra yaiku ....
3. Crita rakyat kang ana sambung rapete karo dumadine papan utawa sabubarang yaiku ....
4. “ .... kowe nangis ? “. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku ....
5. Watak kang diduweni Mbok Randha ing crita Rawa Pening yaiku ....
6. Kosok balene tembung “ ngisor “ yaiku ....
7. “Aku njaluk donga marang Bapak Ibuku”. Tembung njaluk kudune ....
8. Bapak lunga kantor numpak bis bareng kancane. Ukara kasebut menawa ditulis nganggo ragam krama yaiku ....
9. Tuku buku. Yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku ....
10. Ono gajah telu yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku ....
III. Wangsulana pitakonan-pitakonan iki kanthi trep!
1. Aranana paugerane ( guru gatra, guru lagu, guru wilangan ) tembang Macapat Pangkur!
2. Apa watake tembang Macapat Pangkur?
3. Coba aranana 5 wae tembang Macapat !
4. Tulisan cekak wae crita “Dumadine Rawa Pening”!
5. Tulisen aksara jawa saka ukara “Sirahku mumet”!
AJA KEMINTER MUNDHAK KEBLINGER
0 Response to "SOAL LATIHAN ULANGAN TENGAH SEMESTER 2 KELAS 5 SD BAHASA JAWA"
Posting Komentar