Soal ulangan harian bahasa jawa bab 3 kelas 5 kurikulum 2013


A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d kang bener !

Karangan ngisor iki kanggo njawab pitakonan nomer 1-5.

Gunung Merapi Njeblug

    Gunung merapi kang dhuwure 2968 m njeblug dina Senen 22 Juli 2013, wiwit jam 04.22 nganti jam 05.35 WIB. Njebluging gunung merapi nganti krungu saka pos kaliurang. Ana gumpalan awan warna ireng kang prasasat mumbul ing angkasa. Akeh material warna abang uga melu mbludhak mumbul mandhuwur udakara 1.000 meter sak puncak merapi.

    Kahanan iku iga dibarengi udan awu lan pasir alus kang sumebar ing sak kiwa tengene merapi. Udan awu kedadeyan nganti 7-14 km saka puncaking merapi tumuju ing arah Klaten lan Sleman. Desa-desa kang kena udan awu kayata ing tlatah Deles, Tlogowatu, Kemalang, Balerante, Klaten ing Jawa Tengah. Udan awu uga ngenani Kalitengah Lor, Kalitengah kidul, Srunen, Kaliurang Sleman Yogyakarta. Para warga padha ngungsi, nanging isih ana kang ora gelem jalaran padha nunggu barang-barang lan raja kayane. Ana pirang-pirang kabupaten sing kena akibat njebluge gunung merapi, yaiku Klaten, Boyolali, Yogyakarta, Sleman, Magelang, lan sakiwa tengene.

1. Gunung merapi njeblug nalika ....
a. Senin 2 Juli 2012
b. Senin 2 Juli 2013
c. Senin 22 Juli 2012
d. Senin 22 Juli 2013

2. Pira dhuwure gunung merapi ?
a. 2689 m
b. 2698 m
c. 2968 m
d. 2986 m

3. Isih ana kang ora gelem ngungsi amarga ....
a. nunggu barang lan raja kaya
b. nunggu barang lan kulawarga
c. nunggu barang lan ora bisa mlayu
d. nunggu barang lan wedi

4. Desa-desa ing Klaten kang kena udan awu yaiku ....
a. Deles, Tlogowatu, Srunen
b. Deles, Kemalang, Kalitengah Kidul
c. Deles, Togowatu, Kemalang
d. Deles, Srunen, Balerante

5. Ing ngisor iki kabupaten sing kena akibat njebluge gunung merapi, kejaba ....
a. Boyolali
b. Tegal
c. Klaten
d. Magelang

6. Teknik maca batin digunakake kanggo nglatih ....
a. daya pangeling-eling supaya luwih cepet
b. daya pangeling-eling lan daya panangkepe pikiran
c. daya pangeling-eling lan supaya ora rame
d. daya pangeling-eling lan daya panangkepe pangrasa

7. Cagar alam gunung gamping ambarketawang dumunung ing ....
a. Semarang
b. Magelang
c. Yogyakarta
d. Klaten

8. Nyunting karangan dilakoni kanthi ....
a. naliti lan mbenerake ukara supaya dadi karangan sing akeh ukarane
b. naliti lan mbenerake ukara supaya dadi karangan sing dawa ukarane
c. naliti lan mbenerake ukara supaya dadi karangan sing angel diwaca
d. naliti lan mbenerake ukara supaya dadi karangan sing becik 

9. Nalika jaman orde baru cagar alam gunung gamping ambarketawang dilestarekake kanthi ....
a. dipageri nganggo batako, diwenehi rumah penjaga
b. dipageri nganggo batako, diwenehi rumah penjaga, sarta plataran
c. dipageri nganggo kawat ruji, diwenehi rumah penjaga
d. dipageri nganggo kawat ruji, diwenehi rumah penjaga, plataran

10. Cendhak dhuwure nalika maca teks diarani ....
a. intonasi
b. pocapan
c. ekspresi
d. vokal

B. Isenana nganggo ukara utawa tembung kang trep !

1. Akeh wong padha ngalami kapitunan amarga omah lan bandha donyane pada kelelep endhut. Tegese tembung kapitunan yaiku ....   

2. Tujuane maca batin yaiku .....

3. Deskripsi ing karangan uga duwe teges perincian utawa ....

4. Yen ngarang deskripsi diwiwiti saka nemtokake ....

5. Ngurangi lan nambahi tembung lan ukara ing sajroning karangan diarani ....

Jawaban
A. 
1. d
3. a
5. b
7. c
9. b
10. a

B.
1. kapitunan tegese rugi
5. nyunting

2 Responses to "Soal ulangan harian bahasa jawa bab 3 kelas 5 kurikulum 2013"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel