Soal latihan Bahasa Jawa kelas 4 Pasinaon 1 Piwulang 1


Wigatekna Geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon !

Kentir ing Ombyak Majuning Jaman
Karipta dening Sri Sunarsih

ing pratelon,
saweneh simbah nggendhong tenggok
kalung caping nyangking bondhotan
sapecak maju sapecak mundur
kumliwering sato galak kang ombene pet
gawe mamanging ati nugel dalan


 bagaskara kemul mega eseme tan kawistara
swaraning kukila ceciyetan
sesautan rebut dhisik mulih menyang susuhe
dhuh Gusti,
majuning jaman malah gawe getering atai
dhek wingi ojo maneh wanci surup rep
byar padhang wae kahanane nyenyet

Gusti Allah nyuwun ngapura
apa iki merga aku sing wis tuwa
ora bisa nampa majuning kahanan ?
nanging ...wiwit srengenge durung angslup mau
aku wis anguk-anguk ing sadawaning pinggir dalan kene
kabeh sarwa cepet
gawe mata semprepet

"mbah mangga sareng kula"
Gusti Allah
kahanan sangsaya ora cetha
aku malah dituntun bocah
kang dhek wingi mesthine isih
didulang sega gudangan
apa aku wis kentir ing majuning jaman
kang sangsaya ruwet ?


1. Sing gawe geguritan yaiku .....
a. simbah
b. bagaskara
c. Sri Sunarsih
d. Karipta

2. Apa irah-irahan geguritan ing dhuwur ?
a. Ombyak majuning jaman
b. Kentir ing ombyak
c. Kentir ing ombyak majuning jaman
d. ing pratelon

3. Kang diarani sato galak ombene pet yaiku...
a. singa
b. motor
c. sepeda
d. macan

4. "gawe mamanging ati nugel dalan" tembung mamang tegese ....
a. sedih
b. seneng
c. ragu
d. nangis

5. "Ing pratelon" tegese tembung pratelon yaiku ....
a. dalan cilik
b. perempatan
c. pertigaan
d. dalan gede

6. "Bagaskara kemul mega eseme tan kawistara". Tembung liyane bagaskara yaiku ....

7. "Swaraning kukila ceciyetan". Tembung kukila tegese ....

8. "dhek wingi ojo maneh wanci surup rep". Tegese tembung wanci yaiku ....

9. Sapa sing nuntun simbah nyebrang dalan ?

10. Gawenen ukara nganggo tembung caping !

Selamat mengerjakan

0 Response to "Soal latihan Bahasa Jawa kelas 4 Pasinaon 1 Piwulang 1"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel