Soal ulangan harian bahasa jawa bab 1 kelas 4 kurikulum 2013


BAHASA JAWA KELAS 4

Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c utawa d kanggo wangsulan sing trep !

Wigatekna ! (kanggo soal no 1 -4)


Aku Bocah Jawa
Karipta dening Aji Mestikaningrat

Aku bocah Jawa
Aku rumangsa ora duwe apa apa
Sing awujud bandha donya raja brana
Iku dudu takeran
Sanajan mangkono
Bab budaya lan unggah ungguh tetep tak ugemi
Taksunggi nganti lumebu bumi

1. Sing gawe geguritan “Aku Bocah Jawa” yaiku . . . .
a. Aji Mustaka c. Bocah Jawa
b. Aji Mestikaningrat d. Aku

2. Tembung “unggah – ungguh” ana ing geguritan ing nduwur tegese tata . . . .
a. Dhahar c. Krama
b. Wicara d. Busana

3. Sing kudu di ugemi nganti mati yaiku . . . .
a. Banda donya c. Kepinteran
b. Budaya lan unggah ungguh d. Kebathilan

4. Tembung “nganti lumebu bumi” ana geguritan ing nduwur tegese nganti . . . .
a. Gedhe c. Mati
b. Tuwa d. Urip

Wigatekna ! (kanggo soal no 5 – 7)

Kembang telon iki sesuk mesthi bakal alum
Kanthil kenanga mawar mlati mesti bakal kucem
Aku ora ngerti
Ana ing endi kudu dak sebar
Aku banget kelangan
Aku banget ngantu – antu baline
Adhiku bapa ibu
Kang mokal
Nalika tsunami ngruket nggubel kenceng
Jasadmu musna
Kubure bapa ibu ora cetha

5. Kembang seng bakal kucem yaiku . . . .
a. Kanthil, kenanga, anggrek, mlati
b. Kanthil, kenanga, mawar , mlati
c. Kanthil ,kamboja, mawar , mlati
d. Kanthil,kamboja , anggrek , mlati

6. Kubure bapa ibu ora cetha.
Tegese ukara ing nduwur yaiku kubure . . . .
a. Ora dingerteni c. Ana tandhane
b. Ora dikandani d. Ana sing ngubur

7. Kubure bapa ibu ora cetha
Ukara pitakon kanggo tembung ing nduwur yaiku . . . .
a. Kepriye sing cetha? c. Ana ngendi kubure bapa ibu ?
b. Ana ngendi bapa ibumu ? d. Sapa bapa ibu ?

Wigatekna ! (kanggo soal no 8 – 10 )

Ing pratelon
Saweneh simbah nggendhong tenggok
Kalung caping nyangking bondhotan
Sapecak maju sapecak mundur
Kumliwering sato galak kang ombene pet
Kanthi swara cumengkling lan asep nggembuleng
Gawe mamanging ati nugel dalan

8. Simbah nggendong tenggok ana ing . . . .
a. Prapatan c. Alun – alun
b. Pratelon d. Ngarep warung

9. Sing kalungan caping yaiku . . . .
a. Wong tani c. Simbah
b. Supir d. Bocah cilik

10. Sing dimaksud “sato galak kang ombene pet” yaiku . . . .
a. Motor c. pit
b. Becak d. Motor mabur


 Garapen  manut perintahe !

Wigatekna kanggo nomor 1 – 4

 Aku tansah kelingan
Ing dalan sapecak
Sing bendina dakliwati
Budhal lan mulih sekolah iku
Ibu nguntapake aku

1. Tegese tembung “budhal lan mulih” yaiku . . . .
2. Miturut geguritan ing nduwur sing nguntapake aku yaiku . . . .
3. Aku tansah . . . ing dalan sapecak sing bendina dak liwati.
Tembung kang cocok kanggo ngganepi ukara ing nduwur yaiku . . . .
4. Apa sing awakmu ileng saka ibu mu miturut geguritan ing nduwur ?
5. Geguritan “Aku Basa Jawa” ditulis dening Aji Mestikaningrat.
Ukara pitakon kanggo wangsulan ing nduwur  yaiku . . . .

0 Response to "Soal ulangan harian bahasa jawa bab 1 kelas 4 kurikulum 2013"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel