soal ulangan tengah semester bahasa jawa kelas 5 semester 1


I. Wenehana tanda ping(x) ing aksara a,b,c utawa d jawaban kang paling bener !

 KD 3.1 Memahami teks pidato
      1. Medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing ngarepe wong     
          utawa pamireng akeh diarani …
            a. sesorah
            b. geguritan
            c. nembang
            d. ndhalang
      2. Nalika sesorah sesorah marang wong luwih tuwa nganggo basa…
           a.  ngoko
           b. krama
           c. ngoko andhap
           d. krama lugu

      3. Urut-urutane ing sesorah kaping pisan yaiku…
          a. pangarep-arep
          b. salam pambuka
          c. pambuka
          d. wigatining atur

      4. Sumangga kula dherekaken raos puji sukur dhumateng Gusti igkang Maha Kuwaos.
          Pratelan ing dhuwur klebu perangane sesorah ana ing…
          a. uluk salam
          b. isi
          c. panutup
          d. pambuka

        5. Gatekna bab-bab ing ngisor iki!
          (1) ndhingkluk
          (2) tangan ngapurancang
          (3) nyawang tamu
          (4) nguwasani pemirsa
           Bab kang ora kena dilakokake nalika sesorah yaiku bab nomer…
           a. (1)
           b. (2)
           c. (3)
           d. (4)

        KD 3.2 Memahami teks cerita wayang Pandawa “Karna Madeg Senopati”
Wacanen teks ing ngisor iki kanggo jawab no. 6-8 !
Adipati Karna
….
Nalika lair, Adipati Karna dilarung ing kali banjur ditemu dening kusir kraton jenenge Adirata, diwenehi jeneng Wasusena. Bareng wis diwasa, Karna dadi adipati ing Awangga sawise ngalahake Prabu Karnamadra , raja ing kadipaten kasebut. Adipati Karna kagungan garwa asmane Dewi Surtikanti lan kagungan putra Raden Warsa Kusuma. Pusakane kang ampuh yaiku Panah Kuntawijayadanu, uga kagungan kuda minangka titihan kanga ran Ciptaplanagati.

Kapethik saking Wasita Utama Basa Jawa

6. Adipati Karna iku adipati ing….
a. Ngastina
b. Ngawangga
c. Madukara
d. Mandura

7. Pusakane Adipati Karna kang kawentar ampuh yaiku …
a.   Pasopati
b.   Cakra
c. Gada Rujakpala
d. Kunta Wijayadanu

8. Raden Warsa Kusuma iku putrane ….
a.  Raden Janaka
b.  Prabu Duryudana
c.  Prabu Kresna
d.  Adipati Karna

9. Sanalika wonten dewa ing ngantariksa ingkang tumedhak maringi topong Raden arjuna, sareng ngagem topong wujudipun Raden Arjuna sami persis kaliyan Adipati Karna. Mila lampahan punika dipunwastani ….
a.  Karna Gugur
b.  Karna Tandhing
c.  Karna Dhuta Ngastina
d.  Karna Madeg Senapati

10. Gambar wayang ing ngisor iki yaiku ….
             
 a. Raden Sadewa
 b. Raden Werkudara
c. Raden Janaka
d. Raden Nakula

II.Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang trep!
KD 3.1 Memahami teks pidato
11. Perangane sesorah kang isine puji sukur marang Gusti iku kalebu …
12. Dudutan utawa simpulan,pangajak ,lan atur pangapura ing sajroning sesorah iku klebu ing perangan …
13. Sesorah ing sangarepe bapak ibu guru ing sekolah becike nggunakake basa ....
14. Pangucape tembung lan ukara ing sesorah kedu cetha diarani…
15. Dak kira cukup semene  kang bisa dak aturake.
     Wacan ing dhuwur klebu perangan sesorah bagean…
 
      Wacan ing ngisor iki kanggo njawab no. 16- 17

Karna Madeg Senapati
           Wonten ing perang Baratayudha, Adipati Karna saking Kadipaten Awangga aben ajeng kaliyan Raden Arjuna saking Madukara . Perangipun Satriya kalih wau dipun priksani dening para dewa saha para widadari saking akasa.Adipati Karna nyaketi Raden Arjuna, Arjuna tansah enget piwelingipun Prabu Kresna ing Dwarawati,bilih Arjuna sampun ngantos kenging kerangkul dening Adipati Karna. Sasampunipun perang,sarana numpak  jaran, ngantos perang jemparing.Kaprigelan olah jemparing satriya kekalih punika nggumunaken sanget dhateng ingkang sami ningali.

 KD 3.2 Memahami teks cerita wayang Pandawa “Karna Madeg Senopati”
16. Satriya kalih ing wacan ndhuwur yaiku  …  lan   ….
17. Raden Arjuna satriya saking ….
18. Adipati Karna kuwi atmajane Dewi Kunthi kalayan Dewa Surya. Atmajane iku tegese ….
19. Adipati Karna gugur ketaman  pusakane Arjuna kang aran ....
20. Kusiripun Raden Arjuna nalika tandhing inggih punika…




 III.Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati!

  KD 3.1 Memahami teks pidato
  21. Sebutna urut-urutane ing sesorah!
  22. Apa wae kang kudu digatekake nalika maca sesorah? sebutna!
  23. Gawea tuladha sesorah bagian pambuka!

  KD 3.2 Memahami teks cerita wayang Pandawa “Karna Madeg Senopati”
  24. Sebutna Pandhawa Lima iku sapa wae !
  25.  Gawea ukara nganggo tembung :
       a. atmaja :
       b. gugur  :   


6 Responses to "soal ulangan tengah semester bahasa jawa kelas 5 semester 1"

  1. Balasan
    1. hehehe sama bang kalau saya denger bahasa daerah lain juga banyak roamingnya

      Hapus
  2. Wahahaha bahasa jawa. Nanti kalo papa pulang, aku tunjukin ini ah. haha. Asik nih, tanya2 jawabannya apa hueehehe sambil belajar juga

    BalasHapus
    Balasan
    1. terimakasih sudah bisa dipelajari kok sekarang banyak media untuk belajar

      Hapus
  3. Sinau basa Jawi Kedah sabar lan tlaten.

    BalasHapus

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel