Yudhistira, Ratu Satriya sing Ora Bisa Perang



Yudhistira, Ratu Satriya sing Ora Bisa Perang
          Perang baratayuda wis dumadi. Prajurit Pandhawa lan Kurawa wis adep-adepan ing tegal kurusetra, panggonan sing dienggo ajang perang. Kurawa netepake Prabu Salya pinangka senapati kang mimpin. Pandawa bingung mergo Prabu Salya iku iseh kapernah pakdhene dewe. Awit saka arahane Prabu Kresna akhire diputuske Prabu Yudhistira maju pinangka senapati perang Pandhawa. Sejatine Prabu Yudhistira ora nolak yen didadekake senapati nanging deweke jujur yen ora bisa perang. Prabu Salya kaget nalika saka kadohan weruh ana cahya sumorot padhang, nalika dicedhaki jebul saka awake Prabu Yudhistira. Prabu Salya eling menawa iki wancine dheweke bakal bali menyang Swarga, ananging Yudhistira pasrah yen arep dipejahi dening Prabu Salya amarga ora bisa perang. Merga wes ngerti Prabu Salya banjur nrapal aji-aji Candra Birawa. Saka anggane Prabu Salya metu buta bajang akeh banget, buta iku banjur ngrubut lan nyokoti Yudhistira. Nanging bareng ngerti Yudhistira iku getihe putih, buta-buta iku banjur nunggal jiwa karo Yudhistira. Akhire Prabu Salya gugur ing paprangan.

0 Response to "Yudhistira, Ratu Satriya sing Ora Bisa Perang"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel