Soal Penilaian Akhir Semester 1 Kelas 4 Bahasa Jawa



I. Wenehana tandha X (ping) ing aksara a, b, c, utawa d wangsulan sing ko-anggep bener!

Nonton Pagelaran Wayang Kulit

Malem Minggu,  langite sumilak katon resik. Rembulan ngepasi tanggal 14 penanggalan Jawa wiwit sore wis katon mencorong sorote. Barjo, Hartono, Bambang lan Budiman padha sepakat arep nonton pagelaran wayang kulit ana ing Bale Desane.

Kanggo mengeti dina kamardikan Indonesia sing kaping 69, warga desa Suka Maju, desane bocah papat iku arep mentasake pagelaran wayang kulit. Lakone "Babad Alas Wonomarto". Lakon wayang iki nyritake Pandhawa nalika ngedegake negara Amarta kanthi mbabadi alas Wonomarto. Ngendikane Bapake Bambang, dalang lan niyagane kabeh warga desane dhewe. Pancen ing desa Suka Maju ana paguyuban seni tradhisional kang dijenengi "Paguyuban Seni Sejati". Ora mung iku, desa Suka Maju uga klakon wis duwe seperangkat gamelan lan wayange sisan. Saben malem Kemis lan malem Minggu, masyarakat padha latihan nggamel. Kala-kala uga latihan ndhalang. 

Wacan ing ndhuwur kanggo mangsuli pitakon nomer 1-10 !

1. Ana endi pagelaran wayang kulit bakal digelar ?
a. Bale Kota
b. Bale Desa
c. Bale RW
d. Bale RT

2. Sapa sing nganakake pagelaran wayang kulit ?
a. masyarakat desa Suka Maju
b. masyarakat desa Sukar Maju
c. masyarakat desa Seneng Maju
d. masyarakat desa Selalu Maju

3. Tujuane nganakake pagelaran wayang kulit yaiku kanggo mengeti dina ....
a. pendidikan nasional
b. kebangkitan nasional
c. sumpah pemuda
d. kamardikan Indonesia

4. Lakone wayang kulit ing wacan yaiku ....
a. babad alas wonopringo
b. babad alas wonokromo
c. babad alas wonomarto
d. babad alas wonoyoso

5. Jenenge paguyuban seni ing desa Suka Maju yaiku ...
a. paguyuban seni tradhisional
b. paguyuban seni sejati
c. paguyuban seni budaya
d. paguyuban seni wayang

6. Ing pagelaran wayang kulit iku sapa dalang lan niyagane ?
a. masyarakat desa suka maju
b. pengurus paguyuban seni
c. punggawa desa suka maju
d. anggota paguyuban seni

7. Masyarakat desa Suka Maju padha latihan nggamel saben malem Kamis lan malem ....
a. Jumat
b. Sabtu
c. Minggu
d. Senin 

8. Babad alas Wonomarto, iku nyritakake lelakone  Pandhawa ....
a. ngedegake negara Amarta
b. ngedegake negara Wonomarto
c. mbabadi alas Amarta
d. nanduri alas Amarta

9. Pandhawa ngedegake negara Amarta kanthi cara ....
a. ngratakake alas Wonomarto
b. mbabadi alas Wonomarto
c. mlebu alas Wonomarto
d. manggon ing alas Wonomarto

10. Sapa wae sing sepakat arep nontong wayang ing Bale Desa ?
a. Barjo, Hartono, Bambang, Budiman
b. Budi, Bambang, Heru, Barjo
c. Barjo, Budiman, Bambang, Heru
d. Heru, Budiman, Budi, Barjo

11. Aku njaluk dhuwit ibuku kanggo sangu nonton wayang. Ukara iku kliru, sing bener yaiku ....
a. aku mundhut duwit ibuku kanggo sangu nonton wayang.
b. aku nyuwun dhuwit ibuku kanggo sangu nonton wayang.
c. aku nyuwun dhuwit ibuku kanggo sangu mirsani wayang.
d. aku mundhut arta ibuku kanggo sangu nonton wayang.

12. Bapakmu lunga menyang Sukoharjo mulihe kapan ?
Ukara iku kliru, sing bener yaiku ....
a. Bapakmu kesah menyang Sukoharjo wangsule kapan ?
b. Bapakmu tindak menyang Sukoharjo kondure kapan ?
c. Bapakmu kesah dhateng Sukoharjo wangsule kapan ?
d. Bapakmu tindak dhateng Sukoharjo kondure kapan ?

13. Aku karo kanca-kancaku nonton wayang.
Ukara iku menawa dikramakke sing bener yaiku ....
a. Kula kaliyan rencang-rencang kula mirsani wayang
b. Kula kaliyan kanca-kanca kula mirsani wayang
c. Kula kaliyan rencang-rencang kula nonton wayang
d. Kula kaliyan kanca-kanca kula ningali wayang


14. Aksara jawa ing dhuwur menawa di tulis latin sing bener yaiku .....
a. Rahayu tuku buku
b. Rahayu tuku gula
c. Ratu tuku gula
d. Rahayu tuku duku

15. Aksara jawa sing ana dhuwur menawa di tulis latin yaiku ....
a. Ibu tuku layar
b. Ibu menyang pasar
c. Ibu menyang sawah
d. Ibu mundhut roti 

16. Aku teka jam setengah pitu, Bu Astuti uga .... jam setengah pitu. Tembung kang trep kanggo ngisi ukara ing ndhuwur yaiku ....
a. teka
b. dugi
c. rawuh
d. kondur

17. Adhi kula sampun wangsul, Ibu dereng ....
Tembung kang trep kanggo ukara ing nduwur yaiku ....
a. mulih
b. kondur
c. bali
d. wangsul

18. Hartati tumbas buku basa, Pak Jayadi .... koran.
Tembung kang trep kanggo ukara ing ndhuwur yaiku ....
a. tumbas
b. tuku
c. mendhet
d. mundhut

Wacanen geguritan ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 19-22.

Ing protelon,
sawenah simbah nggendhong tenggok
kalung caping nyangking bondhotan
sapecak maju sapecak mundur
kumliwering sato galak kang ombene pet
kanthi swara cumengkling lan asep nggembuleng
gawe mamanging ati nugel dalan

19. Papan utawa panggonane kedadeane crita ing pethikan geguritan ndhuwur ana ing ....
a. pinggir dalan
b. tengah dalan
c. protelon dalan
d. prapatan dalan

20. Pethikan geguritan ing ndhuwur iku isine nggambarake ....
a. saweneh simbah nggendhong tenggok
b. saweneh simbah nyangking bondhotan
c. saweneh simbah bingung arep nyabrang
d. saweneh simbah ing protelon

21. Wong kang arep nyabrang bingung amarga .....
a. nggendhong tenggok
b. nyangking bondhotan
c. akeh asep nggembulang
d. akeh kendharaan sing lewat

22. Ing pethikan geguritan dhuwur iku sing dikarepake sato galak kang ombene pet yaiku ....
a. motor lan mobil
b. becak
c. kewan alas
d. macan lan singa

Wacanen perangan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 23-25!
Tradhisi bersih sendang iki sabenere mujudake pangejawantahan utawa gambaran rasa sokur masyarakat ing desaku marang kanugrahaning Gusti Allah. Kanthi anane sendang, lemah sawah ing desaku ora tau kasatan banyu ing saben taune. Sanajan paribasan setaun wutuh ora ana udan, ilining banyu sendang kang bening isih isa mbanyoni tandur. Kanthi mangkono kena diarani ora bakal ono kedadean wurung panen kang dijalari merga tandur kasatan banyu. Mula saka iku, anane sendang bisa lestari kanthi banyu kang agung, sendang kudu diopeni. Dene pangopene sendang iku kanthi cara diresiki. Anggone ngresiki, kanthi cara ditawu utawa dikuras, dibuwangi lendhute. Kanthi mangkono banyu sing metu saka tuk ing sendang bakal tetep bening, keminclong kaya kaca.

23. Kanggo njaga lestarine sendang, warga masyarakat padha kerja bakti ngresiki sendhang kanthi cara ....
a. diresiki lan dibuwangi lendhute
b. dikuras lan dibuwangi lendhute
c. diresiki lan digawekake slametan
d. dikuras lan digawekake slametan

24. Merga banyu sendang ora tau .... mula ora tau ana kedadean wurung panen.
a. asat
b. suda
c. kalong
d. entek

25. Tradhisi bersih sendang iku sejatine mujudake roso syukure masyarakat marang ....
a. anane sendang sing ora tau asat
b. leluhur kang wis gawe sendang
c. cikal bakal wis gawe sendang
d. kanugrahaning gusti Allah

II. Ukara ngisor iki ganepana nganggo tembung kang trep !
1. Malem minggu Barjo, Bambang, Hartono kaliyan Budiman sami ....... pagelaran wayang kulit.

2. Barjo boten pamit Bapakipun amarga bapakipun ....... dhateng Sukoharjo.

3. Nalika Barjo pamit, bapakipun dereng ...... saking Sukoharjo.

4. Wekdal kula dugi sekolahan pak Budi ugi sampun ........

5. Kelas sekawan wangsul jam kalih welas, bapak lan ibu guru sami ...... jam setunggal.

6. Jam wolu adhi kula sampun .........simbah dereng sare.

7. Sekar gambuh ping catur, tembung catur tegesipun .....

8. Kula sakanca ningali saking wingking, Pak lurah ......saking ngajeng.

9. Kula lan adhi kula diparingi roti, simbah ugi .....

10. Kula kaliyan kanca-kanca sampun nedha, bapak-bapak kaliyan ibu-ibu dereng sami .....

III. Garapen manut prentahe !
1. Tulisen aksara jawa kang trep :
- kebo bule
- kae ana sapi

2. Gawea ukara nganggo tembung :
- Lunga
- Kesah

3. Dandani ukara ing ngisor iki kanthi bener !
- Sumarni badhe kondur
- Kula sampun dhahar

4. Owahana dadi basa krama sing bener !
- Aku arep lunga
- Hartono ora bisa turu

5. Tegesana tembung ing ngisor iki !
- bagaskara
- nggembuleng



seng setiti lan ati-ati



0 Response to "Soal Penilaian Akhir Semester 1 Kelas 4 Bahasa Jawa"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel