latihan soal penilaian tengah semester 1 bahasa jawa kelas 4

 


Assalamualaikum, selamat pagi siswa siswi kelas 4. Bagaimana kabar hari ini? semoga selalu dalam keadaan sehat. Pada kesempatan kali ini kita akan belajar soal-soal bahasa jawa. Mari kita pelajari bersama.

I. Wenehana tanda silang (x) ing huruf a,b,c utawa d ing wangsulan sing trep!

Wacanen geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1 – 5!


Kintir ing Ombyak Majuning Jaman 

Karipta dening Sri Sunarsih

 Ing pratelon 

Saweneh simbah nggendhong tenggok 

Kalung caping nyangking bondhotan

 Sapecak maju sapecak mundur 

Kumliwering sato galak kang ombene pet

 Kanthi swara cumengkling lan asep nggembuleng

 Gawe mamanging ati nugel dalan 

Bagaskara kemul mega eseme tan kawistara

 Swaraning kukila ceciyetan Sesautan

 rebut dhisik mulih menyang susuhe


1. Jeneng Sri Sunarsih ana ing Geguritan “Kentir ing Ombyak Majuning Jaman” minangka dadi ….

 A. paraga geguritan 

B. kang nyiptakake geguritan 

C. sing maca geguritan 

D. tokohe geguritan


2. Sing dikarepke tembung sato galak kang ombene pet, ana ing geguritan ing dhuwur yaiku …. 

A. kewan galak 

B. dalan sing rame 

C. kendaraan 

D. kewan ngombe lenga


3. Bagaskara kemul mega eseme eseme tan kawistara. Tembung bagaskara padha karo …

A. rembulan 

B. mega 

C. lintang 

D. srengenge


4. Kedadeyane crita ing geguritan “Kentir ing Ombyak Majuning Jaman” yaiku ana ing …. 

A. pratelon dalan gedhe 

B. pinggir sawah 

C. omehe simbah 

D. pasar ing kutha


5. Pawongan sing nggendhong tenggok lan kalung caping nyangking bondhotan yaiku simbah. Ukara pitakon kang trep karo ukara ing dhuwur yaiku …

A. Kapan simbah ngendhong tenggok lan kalung caping nyangking bondhotan? 

B. Ana ing simbah ngendhong tenggok lan kalung caping nyangking bondhotan? 

C. Sapa sing ngendhong tenggok lan kalung caping nyangking bondhotan iku? 

D. Geneya simbah ngendhong tenggok lan kalung caping nyangking bondhotan?


Wacanen geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 6 – 8!

Nalika Aku Pamit 

Karipta dening Rio Mataram 

Ibu … 

Bun esuk katon kemerlip, kaya mutiar ing pasuketan 

Aku tansah kelingan ing dalan sapecak 

Sing saben dina dak liwati budhal lan mulih sekolah iki 

Ibu nguntapke aku kanthi paningal wening lan asih 

“Ngger, budhala Ngudi ngelmu kanggo sangu mbesuk

 Ibu mung bisa nyangoni pangestu 

Dadi generasi kang migunani


6. Geguritan “Nalika Aku Pamit” ditulis ana ing Semarang sasi Februari 2007.

Pitakon kang trep karo ukara ing dhuwur yaiku …

A. Kapan lan ana ing ngendi geguritan “Nalika Aku Pamit” diwaca? 

B. Geguritan “Nalika Aku Pamit” ditulis sapa? 

C. Geneya geguritan “Nalika Aku Pamit” ditulis? 

D. Kapan lan ana ing geguritan “Nalika Aku Pamit” ditulis?


7. Miturut isine geguritan ing dhuwur, nalika aku budhal sekolah sing ditindakake ibu yaiku …. 

A. bun esuk katon kemerlip, kaya mutiar ing pasuketan 

B. nguntapke kanthi paningal wening lan asih 

C. ngudi ngelmu kanggo sangu mbesuk 

D. ibu tansah kelingan ing dalan sapecak


8. Pangandikane ibu marang aku, “Ngger, budhala ngudi ngelmu kanggo sangu mbesuk. Ibu mung bisa nyangoni ….

A. pangestu 

B. ngelmu 

C. wening lan asih 

D. generasi migunani


9. Ibu lan bapak nembe … dateng Surabaya. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ….

A. lunga 

B. tindak 

C. kondur 

D. mangkat


10. Kersane ibu bakal dak wujudake, kang putra bakal mituhu. Tembung mituhu tegese …. 

A. nyenengke 

B. ngajeni 

C. manut 

D. ngurmati


11. Sing digendhong simbah yaiku tenggok. Ukara iku yen ditulis nganggo basa krama dadi … 

A. Ingkang digendhong simbah yaiku tenggok. 

B. Ingkang dipun gendhong simbah yo kuwi tenggok. 

C. Sing digendhong simbah inggih punika tenggok. 

D. Ingkang dipun gendhong simbah inggih punika tenggok. 


12. Piwelinge ibu marang aku supaya ngudi ngelmu kanggo mbesuk. Pitakon kang trep yaiku …. 

A. Apa sing diwelingke ibu marang aku? 

B. Sapa sing supaya ngudi ngelmu? 

C. Geneya ibu paring piweling aku? 

D. Piye piwelinge aku marang ibu?


13. Tumindake manungsa ana kang ngemu budi pekerti, nanging ana uga kang ora ngemu budi pekerti. Ing ngisor tuladha tumindak kang ngemu budi pekerti, kajaba …. 

A. seneng gawe congkrah lan kisruh 

B. mituhu marang wong tuwa 

C. rukun bebrayan karo tanggane 

D. tulung tinulung marang liyan 


14. Sinau bareng ana ing kelas kadhang kala ana bocah kang seneng gawe kisruh. Menawa weruh kancamu padudon regejegan, kang kudu ditindake yaiku …. 

A. melu mbelani kancaku senadyan salah 

B. nglungani ra perlu melu-melu 

C. menehi pitutur kang becik ben ora regejegan 

D. dijarke wae sing penting ora nyalahi aku 


15. Saupama pas kebeneran pinuju kowe arep nyebrang dalan, ana wong tuwa utawa wong liya sing kangelan anggone arep nyebrang dalan, tumindakmu sing becik yaiku …. 

A. ethok-ethok ora weruh 

B. dituntun lan disebrangke 

C. ora usah nulungi merga wis awan 

D. ngandhani supaya minggir


II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep! 

 Wacanen geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1 – 4!

Lurus Atine 

Dening : Dewi Suryani 

Mira menyang sekolah, kancane Rani lan Lusi 

Yen liwat turut pinggiran guyon bebarengan sajak nyenengake 

Sapa sangka ana barang tiba jebul dompete Pak Sata 

Amarga Mira bocah kang lurus atine Mula diaturake

 “Matur nuwun ya nak,” ngendikane Pak Sata 

Sami – sami Pak


1. Geguritan “Lurus Atine” dipun anggit dening …. 

2. Nalika nemu dompet ing dalan, sing ditindake Mira yaiku …. 

3. Miturut isine geguritan ing dhuwur Mira duwe watak …. 

4. Dompet sing ditemoake Mira jebule kagungane Pak Sata. Pitakon : ….

5. Yen kowe nemu dhuwit ana ing sekolahan, kang bakal kowe tindakake yaiku ….

6. Nalika rendheng kowe ana ngendi – endi. Tembung rendheng tegese ….


III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

1. Tulisen ukara basa krama nganggo tembung “simbah!”

2. Saben dina Minggu Rani dijak bapak ibu mlaku-mlaku ing Simpang Lima. Gawenen ukara pitakon kang trep!

3. Gawenen geguritan kanthi tema budi pekerti nganggo basa pedinan!




0 Response to "latihan soal penilaian tengah semester 1 bahasa jawa kelas 4 "

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel