Latihan soal sumatif akhir tahun Bahasa Jawa kelas 5 kurikulum merdeka

 


Assalamualaikum, selamat pagi adik-adik khususnya kelas 5. Pada kesempatan kali ini kita akan belajar  Soal Latihan sumatif akhir tahun Bahasa Jawa Kelas 5 Kurikulum Merdeka  . Yuk kita belajar bersama.

I. Weneha tanda ping (x) ing aksara A,B, C utawa D jawaban kang paling bener!

Kanggo nomer 1-5

Sekar Pangkur kang winarna 

Lelabuhan kang kanggo wong aurip

Ala lan becik punika

Prayoga kawruhana

Adat waton puniku dipun kadulu

Miwah ingkang tata krama

Den  kaesthi siyang ratri

1. Tembung  sekar tegese ....

A. nyekar

B. tembang

C. macapat

D. pangkur


2. Tembang ing dhuwur ngemu pitutur supaya wong kuwi padha mangerteni ….

A. ala lan becik

B. kasenengan

C. kamurkan

D. kasusahan


3. Tembang Pangkur ing dhuwur ana ... gatra

A. 5

B.  6

C.  7

D.  8


4. Tembang macapat ing dhuwur arane .... 

A.  Mijil

B.   Pocung

C.   Pangkur

D.  Gambuh


5.  Tegese tembung ratri ana tembang ing dhuwur  yaiku ....

A. awan

B. bengi

C. sore 

D. esuk


Teks wacan kanggo no 6-10

Sendhang Sani

Sunan Kalijaga lan Ki Rangga sarta para santrine pada nuju padepokan Sunan Muria. Nadyan papan dununge adoh, Sunan Kalijaga kaya-kaya ora duwe kesel babar blas. “Kaya wis tekan kadipaten Pati Pesantenan, sedela meneh tekan padepokan Muria,” ngendikane Sunan Kalijaga marang murid-murid.

Nalika wanci sembahyang dhuhur, Sunan Kalijaga ngajak leren ing sak ngisore wit gedhe, banjur dhawuh marang Ki Rangga supaya golek banyu kanggo wudhu. Ki Rangga lan kancane padha bingung amarga ing papan kono garing ora ana banyune.

Karakit saka Buku Rakyat dari Pati (yudono KS dan Mulyono)


6. Cerita ing dhuwur kelebu .... 

A. dongeng  

B. legenda 

C. cerbung 

D. cernak 


7. Panggonan sing garing kuwi panggonan .... 

A. ora ana banyune 

B. akeh banyune 

C. ana sendange 

D. akeh lebune 


8. Sendhang Sani ana ing wewengkon tlatah.... 

A. Pati 

B. Kudus  

C. Demak 

D. Pesantren 


9. Sunan kalijaga lan pandhereke ngaso ana.... 

A. sapinggire sendhang  

B. ngisor wit gedhe 

C. Sendhang Sani 

D. pinggir desa 


10. Ana ing panulisan aksara jawa, kadang migunaake pasangan. Pasangan Aksara Jawa „ha, pa, sa lan nya “ ditulis ana ing ... aksara kang dipasangi. 

A. sandhuwure  

B. sangarepe  

C. samburine   

D. sangisore


II. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isinana kanthi jawaban kang bener ! 

1. Pitutur iku tegese .... 

2. Tata krama kuwi apik ditrapake ana ing  .... 

3. Srikandi kuwi garwane …. 

4. Perange Dewi Srikandi karo Resi Bisma kuwi ana ing....

5. Pacelathon  iku padha karo..... 


II. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 

1. Tulisen 3 cerita legenda sing kok ngerteni!  

2. Gawea geguritan  babagan bocah sekolah! 

3. “Pardi tuku buku”, tulisen  nganggo aksara Jawa ! 

 

   



0 Response to "Latihan soal sumatif akhir tahun Bahasa Jawa kelas 5 kurikulum merdeka"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel