Latihan Soal Ulangan kelas 3 Bahasa Jawa Bab 1 Ngrungokke Crita
Assalamualaikum, selamat pagi adik-adik khususnya kelas 3. Pada kesempatan kali ini kita akan belajar Soal Latihan ulangan Kelas 3 Kurikulum Merdeka Bahasa Jawa bab 1 Ngrungokke Crita. Yuk kita belajar bersama.
I. Isilah dengan Jawaban yang Tepat !
Wacanen wacan ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1-5.
Ulang Tahunku
Jenengku Darto. Aku seneng banget, Minggu wingi aku ulang tahun sing kaping 9 tahun. Bapak lan ibuku nganakake acara ulang tahunku ana omah lan ngundang kabeh kanca-kanca sakelasku.
Aku seneng banget rikala ibu ngendika ulang tahunku bakal dirayakake. Sakdurunge tekan titi wanci dinane sing ditunggu-tunggu, aku diajak ibu lan bapak tuku klambi anyar kanggo acara kasebut.
1. Irah-irahane crita kasebut yaiku ....
a. Ulang Tahun
b. Ulang Tahunku
c. Darto Ulang Tahun
2. Darto seneng atine amarga .....
a. ditukokake klambi
b. digawekake tumpeng
c. ulang tahune dirayakake
3. Kanggo ulang tahun, Darto ditukokake ....
a. tumpeng
b. klambi
c. kado
4. Darto ulang tahun sing kaping ....
a. 7 tahun
b. 8 tahun
c. 9 tahun
5. Acara ulang tahune Darto dianakake ing ....
a. sekolah
b. omah
c. gedung
6. Marni dolanan HP nganti ngendikane ibu ora digubris. Tembung digubris padha tegese karo ....
a. direwes
b. dilakoni
c. ditandangi
7. Pasuryane ibu katon sumringah pirsa anake bijine apik banget. Tembung pasuryane tegese ....
a. wajah
b. asta
c. paningal
8. Ibu paring bebungah arupa tas lan klambi. Tembung bebungah tegese ....
a. pesen
b. hadiah
c. usul
II. Jawablah pertanyaan berikut dengan benar!
Wacanen wacan ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1-3.
Tini melu lomba nembang Jawa. Wis rong minggu iki, Tini gladhen terus. Tini digladhi Bapake dhewe kang kebeneran dadi dhalang. Tini wis krasa mantep anggone arep maju lomba.
1. Tini gladhen nembang suwene .... minggu.
2. Tini wis mantep melu amarga ....
3. Tini digladhi nembang dening ....
SELAMAT MENGERJAKAN
0 Response to "Latihan Soal Ulangan kelas 3 Bahasa Jawa Bab 1 Ngrungokke Crita"
Posting Komentar