Mangerteni peranganing teks sesorah
Agustus 28, 2019
Add Comment
Sesorah yaiku ngandharake pikiran ana ngarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu. Sesorah klebu kabisan micara kang akeh paedahe ing sajroning bebrayan. Dene perangane teks sesorah iku ana lima yaiku :
1. salam pambuka
Salam pambuka diaturake sakdurunge nyebut para rawuh, yaiku ngaturake salam sing sepisan minangka wiwitane sesorah.
tuladha :
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
2. Purwaka
Purwaka yaiku pakurmatan lan atur panuwun marang para tamu kang rawuh ing papan kono lan puji syukur marang Gusti Allah.
Tuladha :
Nuwun, Bapak saha Ibu ingkang kula bekteni, kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kita aturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, awit saking kawelasanipun kula lan panjenengan saged pepanggihan ing wekdal punika kanthi wilujeng nir sambekala.
3. Isi/Surasa
yaiku kabeh wigati kang bakal diwedharake ing sesorah.
4. Panutup
isine pangajeng-ajeng lan nyuwun pangapura menawa ana bab kang gawe kurang rena penggalih.
tuladha :
wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.
5. Salam panutup
yaiku salam ing pungkasaning sesorah.
tuladha :
Nuwun. Wassalamualaikum wr. wb.
Terimakasih semoga bermanfaat
0 Response to "Mangerteni peranganing teks sesorah"
Posting Komentar