LATIHAN PTS KELAS 4 SEMESTER 1 BAHASA JAWA


I.  Wenehana tandha ping (X) ing salah sawijining aksara a, b, c, utawa d ing ngarepe jawaban kang trep !

Wacanen wacan ing ngisor iki kanthi titi kanggo wangsuli pitakonan nomer 1-8 !

Gathutkaca iku satriya saka Pringgadani, putrane Werkudara lan Dewi Arimbi. Dipindhakake otot kawat, balung wesi, bisa mabur tanpa swiwi, lan sare ing langit utawa mega. 
Gathutkaca satriya kang trampil perang, nduweni aji Narantaka, peparinge gurune, Resi Seta. Uga duwe Kotang Antrakusuma kang njalari bisa mabur. Caping Basunanda ndadekake ora kena panas lan udan. 
Ing perang Baratayuda, Gathutkaca dadi senopati. Ora ana prajurit Kurawa kang bisa nandingi kasektene Gathutkaca. Ing pungkasan, panah Kuntawijayadanu (gamane Karna) kang bisa ngalahake satriya Pringgadani iku

1. Gathutkaca kuwi putrane ....
a. Puntadewa c. Nakula
b. Janaka         d. Werkudara

2. Piranti apa kang kanggo ngalahake Gathutkaca?
a. Panah Kuntawijayadanu c. Aji Narantaka
b. Kuku pancanaka         d. Caping Basudana

3. Paragrap endi kang ngandhakake satriya ing pringgadani kui nduweni gaman sekti?
a. 1 c. 3
b. 2 d. 4

4. Sapa sing ora bisa nandingi kasektenane Gathutkaca?
a. Werkudara c. Pandawa
b. Kurawa d. Punakawan

5. Irah-irahan kang mathuk kanggo teks ing ndhuwur yaiku ...
a. Satriya Sekti c. Aji-aji sekti
b. Gathutkaca d. Putrane werkudara

6. Gathutkaca iku satriya ing….
a. Jodhipati      c.Pringgodani
b. Astina                d. Awangga

7. Sopo sing duweni gaman panah kuntawijayadanu kang bisa ngalahake Gathutkaca….
     a. Werkudara c. Janaka       
     b. Karna            d. Nakula

8. Piranti apa kang bisa njalari Gathotkaca bisa mabur ….
a. panah kuntawijaya c. aji narantaka
b. kotang antrakusuma d. kuku pancanaka

Wacanen wacan ing ngisor iki kanthi titi kanggo wangsuli pitakonan nomer 9-18 !

Yudistira, Ratu Satriya sing Ora Bisa Perang
          Perang baratayuda wis dumadi. Prajurit Pandhawa lan Kurawa wis adep-adepan ing tegal kurusetra, panggonan sing dienggo ajang perang. Kurawa netepake Prabu Salya pinangka senapati kang mimpin. Pandawa bingung mergo Prabu Salya iku iseh kapernah pakdhene dewe. Awit saka arahane Prabu Kresna akhire diputuske Prabu Yudhistira maju pinangka senapati perang Pandhawa. Sejatine Prabu Yudhistira ora nolak yen didadekake senapati nanging deweke jujur yen ora bisa perang. Prabu Salya kaget nalika saka kadohan weruh ana cahya sumorot padhang, nalika dicedhaki jebul saka awake Prabu Yudhistira. Prabu Salya eling menawa iki wancine dheweke bakal bali menyang Swarga, ananging Yudhistira pasrah yen arep dipejahi dening Prabu Salya amarga ora bisa perang. Merga wes ngerti Prabu Salya banjur nrapal aji-aji Candra Birawa. Saka anggane Prabu Salya metu buta bajang akeh banget, buta iku banjur ngrubut lan nyokoti Yudhistira. Nanging bareng ngerti Yudhistira iku getihe putih, buta-buta iku banjur nunggal jiwa karo Yudhistira. Akhire Prabu Salya gugur ing paprangan. 

9. Prajurit Pandhawa lan Kurawa anggone perang ana ing ….
a. tegal kurusetan         c. tegal kurusetra
b. tegal karang setan d. tegal karangsetra

10. Senapati saka Astina yaiku ….
a. prabu kresna c. prabu duryudana
b. prabu salya         d. prabu yudhistira

11. Senapati saka Pandawa yaiku ….
a. prabu kresna c. prabu duryudana
b. prabu salya         d. prabu yudistira

12. Para pandhawa pada goreh atine lan bingung merga….
     a. senapati astina seng maju ratu sekti      c. senapati astina seng maju pakdhene dewe           
     b. senapati astina seng maju ora duwe wedi   d. senapati astina seng maju pinter perang

13. Prabu Yudhistira iku ratu sing ….
a. seneng perang c. ora bisa perang
b. pinter perang d. kerep perang

14. Prabu Salya dadi senapatine prajurit Astina, tegese …
a. prabu Salya siap maju perang
b. prabu Salya siap mungsuh Yudhistira
c. prabu Salya mimpin prajurit Astina
d. prabu Salya nyerang prajurit Pandawa

15. Wiwitane prabuYudhistira ora gelem dadi senapati amarga dheweke ….
a. ora bisa perang         c. ora gelem perang
b. ora seneng perang d. ora wani perang

16. Prabu Salya ing paprangan kaget merga ….
a. sing mapagake perang Yudhistira
b. sing mapagake perang Kresna
c. akeh prajurit kang tatu
d. prajurit Astina akeh pada mati

17. Prabu Salya ngrapal ajian …..
a. kalimasada         c. rawa rontek
b. candra birawa d. pancasona

18. Saka kadohan prabu Salya weruh ana ….
a. Yudhistira maju perang
b. prajurit maju perang
c. cahya padhang banget
d. cahya sumorot padhang

19. Mbah arep lunga menyang Jombang. Tembung lunga benere….
a. budhal c. kesah             
b. tindak    d. menyang

20. Bapak teka saking Jakarta. Tembung teka benere ….
a. rawuh         c. ngasta
b. mundhut d. sepuh

21. Puisi bebas uga diarani . . . .
    a. gancaran                      c. novel
    b. cerkak                                     d. Geguritan

22. Tuladha ukara pitakon yaiku ….
a. Pak Madi wis panen pari minggu kapungkur
b. Manuk sing cedhak-cedhak sawah gusahen !
c. Kapan anggone menehi rabuk tanduran kuwi?
d. Wah, enak tenan sarapan ing tengah sawah.

23. Geguritan diarani puisi Jawa . . . .
a. modheren                                                    c. lawas
b. kuna                                                         d. Tengahan

24. Maca geguritan beda karo maca wacan liyane. Maca geguritan kudu dibarengi kanthi ....
a. rasa pangrasa c. kesusu
b. rasa sengit         d. gelo

25. Nalika maju perang Yudhistira kandha karo mungsuhe menawa ora bisa perang. Tegese Yudhistira duwe sifat ….
a. sabar c. amarah
b. nrima d. iri

Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi titi kanggo wangsuli pitakonan nomer 26-30 !

Aku Bocah Jawa
Karipta dening Aji Mestikaningrat

Aku bocah Jawa
Aku rumangsa ora duwe apa apa
Sing awujud bandha donya raja brana
Iku dudu takeran
Sanajan mangkono
Bab budaya lan unggah ungguh tetep tak ugemi
Taksunggi nganti lumebu bumi

26. Sing gawe geguritan “Aku Bocah Jawa” yaiku ….
a. Aku c. Aji mestikaningrat
b. Bocah Jawa d. Aji Mustaka

27. Tembung “unggah – ungguh” ana ing geguritan ing nduwur tegese tata ….
a. dhahar c. krama
b. wicara d. busana

28. Sing kudu di ugemi nganti mati yaiku ….
a. budaya lan unggah ungguh    c. banda donya
b. kapinteran                            d. raja brana

29. Tembung “nganti lumebu bumi” ana geguritan ing nduwur tegese nganti …..
a.  gede c.  mati
b. tuwa d. urip

30. Aku bocah jawa, aku rumangsa ora duwe ….
a. kapinteran c. raja brana
b. apa-apa d. kadigdayan

Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi titi kanggo wangsuli pitakonan nomer 31-35 !

“Kentir ing Ombyak Majuning Jaman”
Ing pratelon
Saweneh simbah nggendhong tenggok
Kalung caping nyangking bondhotan
Sapecak maju sapecak mundur
Kumliwering sato galak kang ombene pet
Kanthi swara cumengkling lan asep nggembuleng
Gawe mamanging ati nugel dalan

31. Simbah nggendong tenggok ana ing ….
a. prapatan c. ngarep toko
b. pratelon d. sawah

32. Sing kalungan caping yaiku ….
a. bocah cilik c. simbah
b. bocah desa d. Ibu

33. Sing dimaksud “sato galak kang ombene pet” yaiku
a. pit c. becak
b. motor d. tenggok

34. “Ing pratelon”. Tegese tembung pratelon yaiku  ….
a. dalan gedhe c. pertigaan
b. perempatan d. simpang lima

35. Bagaskara kemul mega. Bagaskara tegese ...
     a. angin         c. bayu
     b.srengenge d. bumi


II. Isenana titik-titik nganggo tembung kang mathuk!
1. Simbah sampun turu.
Turu basa kramane inggil….

2. Ibu tuku lenga.
Tuku basa kramane inggil…..

3. Kumliwering sato galak kang ombene pet.
Sato galak kang ombene pet tegese.…

4. Sapa sing kalung caping nyangking bondhotan ing geguritan “kentir ing ombyak majuning jaman” ….

5. Ana ngendi kedadeane crita geguritan “kentir ing ombyak majuning jaman” ….

6. …  sing lagi macul ning sawah?
Tembung kang trep kanggo nglengkapi ukara pitakon yaiku ….

7. Mangsa panas wis ora ana udan diarani mangsa ….

8. Perang baratayuda mapan ing….

9. Pinangka senapati perang kang mimpin kurawa ing perang bratayuda yaiku  ….

10. Pinangka senapati perang kang mimpin pandawa ing perang bratayuda yaiku   ….

III. Garapen miturut prentahe!
1. Gawea ukara nganggo tembung
a. rawuh
b. sepuh
c. sare

Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi titi.
Pak Tani
Pancen luhur bebudenmu
Urip prasaja ora kesusu
Ana ing desa kang asri
Urip rukun dadi petani
Tanduran digulawenthah ngati-ati
Gotong royong iku wis mesthi
Asile dienteni wong sanagari
Ora lali syukur rina wengi

2. Isi geguritan ing ndhuwur kuwi yaiku? Ceritakna nganggo basamu dewe.






3. Tamatna gambar ing ndhuwur iki lan sebutna keperluan apa wae kang dibutuhake?
       Wangsulan : .........................................................................................................

4. Apa sebabe buta-buta bajang ora gelem mungsuhi Yudhistira ?

5. Prabu Salya iku isih kapernah pakdhene Pandawa.
     Gawenen ukara pitakon kanggo wangsulan ing dhuwur !


0 Response to "LATIHAN PTS KELAS 4 SEMESTER 1 BAHASA JAWA"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel