Soal latihan PTS kelas 4 semester 2 Bahasa Jawa 2019/2020




I.  Wenehana tandha ping (X) ing salah sawijining aksara a, b, c, utawa d ing ngarepe jawaban kang trep !



Wacanen kanthi setiti kanggo mangsuli pitakon nomer 1-10


Dumadine Rawa Pening

Desa Banarawa lagi nganakake pesta desa. Wong wong pada masak iwak ula asil burone, nanging ing tengah tengah pada nyambut karya mau,ana bocah kang keluwen lan ala rupane,pesing, uga amis gandhane. Para warga pada ngadohi bocah iku. Manut kapitayane masyarakat, bocah ala iki bakal nekakke sial kanggo desa Banarawa, mula bocah mau diusir karo kabeh warga. Kanthi ati kang loro, bocah kui lunga saka desa Banarawa. deweke bingung arep lunga ngendi, deweke mlaku tanpa tujuan.

 Anggone mlaku bocah bajang ora krasa tekan gubukke mbok rondho. Bocah mau banjur diopeni karo mbok rondho, bocah mau crito mari mbok rondho yen deweke iku baru klinthing sing diusir saka desane. Simbah mau tresna banget karo deweke, nganti urip sawetara dina karo baru klinthing. Wis pirang pirang dhina baru klinting manggon ing omahe mbok rondho, deweke njaluk pamit arep balik menyang desane. Sadurunge balik,deweke wekas marang mbok rondho yen mengko bakale ono banjir gedhe teko, lan mbok rondho dikon numpak prau wekase baru klinting. Sawise tekan desane, deweke nancepke sada ing lemah, sautara waktu ora ana wong sing bisa njabut sada kui. Baru klinting nyabut sada lan muncrat banyu gedhe banget lan dadi banjir. Wong sadesa padha kleleb kejaba mbok randa. Desa iku keleban banjir dadi rawa. Rawane bening banget. Wusana rawa iku dijenengake rawa pening nganti saiki.


1. Jenenge desa kang lagi nganakake pesta mangan enak lawuh iwak yaiku .....
a. rawa pening               c. Baranawa
b. Banarawa                   d. Ambarawa

2. Bocah bajang dikongkon semingkir sing adoh mergo awake .....
a. lemu                           c. kuru
b. resik                           d. reget


3. Nalika desane keleban banyu banjir, wong sadesa padha ....
a. ngungsi padha golek slamet
b. klelep ora ono sing slamet
c. keli padha kegawa banjir
d. seneng padha dolanan banyu


4. Sing ngopeni bocah bajang kang keluwen yaiku ....
a. wong sadesa                    c. nini tuwa
b. warga desa                      d. wong kang pista


5. Desa ing wacan ono dhuwur warga padha pista mangan enak lawuh iwak ......
a. kebo                                c. sapi
b. ula                                   d. bebek

6. Nalika pista, ana bocah bajang keluwen nyedhaki warga desa. Tembung keluwen tegese ....
a. sambat                           c. ngelih
b. weruh                            d. kakehan

7. Bocah bajang iku nyedhaki wong kang lagi padha pista karepe .....
a. njaluk mangan
b. njaluk ngombe
c. melu pista
d. melu mangan

8. Sejatine bocah bajang kang keluwen yaiku .....
a. Baru Klinting                  c. Nini tuwa
c. Jaka Tingkir                    d. Bajul putih

9. Sidane bocah bajang diwenehi pangan dening nini ....
a. ompong                          c. tuwa
b. ayu                                 d. sugih

10. Sabubare mangan bocah bajang .....
a. njaluk ngombe
b. lunga klepat
c. bali maneh
d. nywun pamit

Wacanen kanthi setiti kanggo mangsuli pitakon nomer 11-20

Dumadine Bledhug Kuwu

Sawise nampa dhawuhe Ajisaka sing saiki wis dadi ratu ing Medangkamolan, Jaka Linglung banjur pamit. Wis manteb tekade bakal ngayahi dhawuhe Ajisaka. Jaka Linglung iku titah kang awujud ula gedhe, nanging dheweke isa tata jalma bisa guneman kaya manungsa. Jaka linglung rumangsa yen dheweke iku anake Ajisaka kang salah kedaden. Mula bareng wes gedhe sowan menyang kraton Medangkamolan saperlu njaluk diakoni pinangka anake. Anggone sowan diterake dening mbok randha Retna Mengali kang ngopeni dheweke. Panganggepe jaka linglung marang mbok randha wis kaya  wong tuwane dewe. 

Ing pisowanane jaka linglung diaku anake Ajisaka menawa dheweke bisa ngalahake bajul putih malihane prabu Dewata Cengkar kang mapan ing segara kidul. Saliyane kuwi deweke yen wis bisa ngalahake mulihe kudu liwat sangisore lemah, jalaran menawa liwat biasa mesti bakal gawe wedine rakyat Medangkamolan.

Cekaking cerita Joko Linglung kasil mateni bajul putih. Kanthi nggawa tugelaning drijine bajul putih, Joko Linglung enggal mulih Medangkamolan liwat sajrone lemah gawe dalan dewe. Sawise rumangsa suwe anggone mlaku banjur njedul mestikake wes tekan opo durung. Nalika ngerteni durung tekan banjur ambles meneh. Mangkono bola-bali dilakoni nanging durung tekan-tekan. Jaka linglung wiwit mupus, nalika njedul sing dipetuki mung ara-ara amba. Dheweke banjur ambles njedhul ambles njedhul bola bali, napase kang ngos-ngosan gawe lemah ing kono muncrat-muncrat kanthi ngetokake swara bledhug-bledhug. Gandeng papan kono jenenge kuwu mula nganti seprene diarani Bledhug Kuwu. Wusana Jaka Linglung tekan kraton lan diakoni anak. 

11. Jaka Linglung iku titah kang awujud ....
a. Bajul                   c. Baya
b. Ula                     d. Kebo

12. Sapa asmane sing dadi ratu ing kerajaan Medangkamolan ....
a. Joko Linglung          c. Dewata Cengkar
b. Retna Mengali          d. Ajisaka

13. Prabu dewata cengkar manggon ing.....
a. Medangkamolan           c. Segara Kidul
b. Kerajaan                       d. Kuwu

14. Asmane mbok randha kang ngopeni Jaka Linglung awit cilik yaiku ....
a. Mbok randha Dadapan
b. Mbok randha Retna Mengali
c. Mbok randha Sutinah
d. Mbok randha Nini Tuwa

15. Sopo sejatine bajul putih kang manggon ing segara kidul ?
a. Joko Linglung
b. Retna Mengali
c. Ajisaka
d. Dewata Cengkar

16. Kenengapa bajul putih kang manggon ing segara kidul kudu dipateni ?
a. amarga gawe cilaka rakyat pesisir Medangkamolan
b. amarga gawe cilaka Ajisaka
c. amarga gawe cilaka Jaka Linglung
d. amarga gawe cilaka rakyat pesisir segara

17. Karepe Joko Linglung sowan menyang kraton Medangkamolan ...
a. supaya diakoni dadi rakyat Medangkamolan
b. supaya diakoni dadi anake Ajisaka
c. supaya dadi prajurit Medangkamolan
d. supaya bisa bali dadi awujud manungsa

18. Jaka linglung diweling mulihe supaya lewat ....
a. sadhuwure lemah
b. sangisore lemah
c. dalan sepi
d. awang-awang

19. Kanggo bukti yen bisa ngalahake bajul putih, Jaka linglung gawa ...bajul putih
a. tugelaning driji
b. buntut
c. tugelaning sikil
d. tugelaning tangan

20. Jenenge papan kang ngetokake swara bledhug-bledhug tekan saiki diarani ....

a. Semarang              c. Medangkamolan
b. Kuwu                    d. Ambarawa


21. Mulih saka sekolah aku terus mangan, Bapak durung ....
a. maem                   c. nedha
b. mangan                d. dhahar

22. Nalika aku teka ing sekolahan, bapak lan ibu guru wis ....
a. rawuh                  c. mulih
b. dugi                     d. bali

23. Jam sanga bengi biasane aku wis turu, bapak karo ibu durung ....
a. tilem                    c. sare
b. turu                      d. mangan

24. Jam siji aku wis mulih, simbah durung ...
a. wangsul                  c. mulih
b. kondur                    d. bali

25. Aku sinau maca basa jawa, ibu karo bapakku ....koran
a. maca                       c. nonton
b. ningali                    d. maos

26. Aja rame-rame. Adhiku lagi turu, dene eyang lagi ....
a. sare                         c. turu
b. tilem                       d. tindak

Wacanen wacan cakepan tembang gambuh ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 27-33.

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon

27. Guru gatrane tembang gambuh saben sapada ana ...
a. 7 gatra                        c. 5 gatra
b. 6 gatra                        d. 4 gatra

28. Sekar gambuh ping catur, tembung catur tegese ....
a. 4                                    c. 6
b. 5                                    d. 7

29. Kang cinatur polah kang kalantur, tembung cinatur tegese ...
a. dicritakake                          c. dirembug
b. dikandhakake                      d. ditulis

30. Kapatuh pan dadi awon. Tembung awon ngokone ....
a. bae                                     c. becik
b. ora                                     d. ala

31. Kang cinatur polah kang kalantur, tembung kalantur tegese ...
a. kebacut                              c. ngisin-isini
b. ketrucut                             d. gawe isin

32. Sekar gambuh ping catur, tembung sekar tegese ....
a. tembang                          c. papat
b. contoh                             d. becik

33. Guru wilangan gatra kaping 3 yaiku ...
a. 7                                     c. 8
b. 12                                   d. 10

34. Cacahing larik saben sapada ing tembang macapat diarani ....
a. guru gatra
b. guru lagu
c. guru wilangan
d. guru swara

35. Cacahing wanda saben sagatra ing tembang macapat diarani ...
a. guru gatra
b. guru lagu
c. guru wilangan
d. guru swara


II. Isenana titik-titik nganggo tembung kang mathuk!

1. Simbah sampun turu.

Turu basa kramane inggil….


2. Ibu tuku lenga.

Tuku basa kramane inggil…..


3. Bocah bajang njaluk mangan merga ....

4. Nini tuwa bisa slamet saka banjir bandang merga .....

5. Bocah bajang lan nini tuwa mangan bareng ing ....

6. Jeneng rawa pening asale saka tembung .....

7. Wong sadesa kabeh padha klelep ora ono sing ....

8. Bajul putih kang mapan ing segara kidul sejatine prabu ....

9. Mbok randha kang ngopeni Jaka Linglung jenenge ....

10. Cacahing wanda saben sagatra diarani ..



III. Garapen miturut prentahe!

1. Gawea ukara nganggo tembung

a. rawuh

b. sare

2. Tulisen guru wilangan lan guru lagu tembang pangkur !

3. Coba tulisen pitutur luhur kang ana ing cerita dumadine bledhug kuwu !

4. Gawenen ringkesan ngango bosomu dewe dumadine rowo pening !

5. Ibuku lagi gerah, dina iki ora tindak. Owahana ukara iki  dadi krama inggil sing bener !

2 Responses to "Soal latihan PTS kelas 4 semester 2 Bahasa Jawa 2019/2020"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel