Dongeng "Mbok Babon lan Pak Jago"



 

Assalamualaikum, selamat pagi siswa-siswi kelas 2. Semoga kita selalu dalam lindungan Tuhan Yang Maha Esa. Pada kesempatan kali ini kita akan belajar bahasa jawa materi tentang dongeng dengan judul mbok babon lan pak jago. Mari kita belajar bersama.


Dongeng yaiku crita rakyat kanggo panglipur utawa ngisi wektu sing isine ngayawara utawa tanpa kasunyataan. Crita dongeng dicritake lisan turun temurun lan biasane pengarange ora dikenal. Tuladhane yaitu dongeng Mbok Babon lan Pak Jago. Yuk bebarengan diwaca dongeng Mbok Babon lan Pak Jago banjur garapen soal sing ono sak ngisore kanggo mangerteni dongeng sek wes kok waca. 


Mbok Babon lan Pak Jago

Esuk kuwi Mbok Babon lagi bae ngedhunake anake seng cacahe ana lima. Pyik, pyik, pyik swarane pitik kemriyek saka anake Mbok Babon kang nembe netes. Pak Jago isih ana sachedake petarangan resik-resik tilas tetesane anake. Sunare srengenge cumlorot ngangeti awake pitik sing isih cilik-cilik. 

Nanging ujug-ujug ana satleraman bayangan kaya pesawat. Werrrr! Jebul ana Manuk Bidho arep nyamber pitik. Mbok Babon age-age nubruk anak-anake dikrukup nganggo swiwine banjur didhekemi supaya ora disamber Manuk Bidho. "Pak Jago, tulung ana Bidho kurang ajar!" Mbok Babon mbengok. Pak Jago age-age metu saka kandhang. Manuk Bidho sing arep nyamber maneh dipapagake nganggo jalune. Manuk Bidho banjur bali munggah lan ora wani ngganggu Mbok Babon, Pak Jago lan anak-anake. akhire kabeh pada slamet saka gangguan Manuk Bidho.  

Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

1. Sapa wae tokoh ing dongeng "Mbok Babon lan Pak Jago"?

2. Ana pira cacahe anak seng nembe diedhunake Mbok Babon?

3. Apa sejatine bayangan seng satleraman kaya pesawat?

4. Kepriye swarane anak pitik ?

5. Sapa sing dijaluki tulung Mbok Babon kanggo ngusir Manuk Bidho?


Garapen kanti setiti lan ati-ati. matur nuwun.

1 Response to "Dongeng "Mbok Babon lan Pak Jago""

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel