"Geguritan" Remen Basa Jawi kelas 4 Uji kompetensi Pasinaon 1


Selamat pagi anak-anak. Apa kabar hari ini ? semoga selalu dalam keadaan sehat. Jangan lupa untuk selalu menjaga kebersihan dan kesehatan, jangan keluar rumah kalau tidak terlalu penting, selalu rajin cuci tangan dan jangan lupa masker saat keluar rumah. 
Pada kesempatan pagi ini kita akan belajar geguritan, bagaimana cara membaca geguritan yang baik. Pilihlah salah satu geguritan di bawah ini kemudian baca dengan intonasi dan ekspresi yang sesuai.


1. Pilihan kaping siji

Aku Kangen Ocehe Prenjak
Karipta dening Aka Cahyaningrat

Ngendikane ibu bapak
biyen saben srengenge jumedhul 
saka bang wetan
mesti dibarengi ocehe manuk
sesautan

saiki ocehe prenjak bae
menawa ana kalane keprungu
swarane ngaruara sambat njaluk tulung
ditokake saka krangkeng sing ngunjara awake

aja 
aja milara marang pepada
sanajan mung awujud manuk
iki uga titahe gusti 
kang kudu diurmati lan diajeni
apa kowe ya kepingin dadi prenjak
sing nelangsa urip urip ing sajroning krangkeng wesi
sing mung bisa nyawang tanpa nduweni kamaedhikan?

ayo
kabeh wae tak-ajak
methuk srengenge
kanthi ocehe prenjak miber
pencolotan ana ing pang-pang wit ngarep omah.

Semarang. Februari 2007
“antologi gegurit-Puisi”
Dinas pendidikan dan kebudayaan privinsi Jawa Tengah





1. Pilihan kaping loro

Aku Bocah Jawa
Karipta dening Aji Mestikaningrat

Aku bocah jawa
aku rumangsa ora duwe apa apa
sing aweujud benda donya raja brana 
iki dudu takeran
sanajan mangkono
bab budaya lan unggah-ungguh tetep tak ugemi
tak sunggi nganti lumebu bumi

aku bocah jawa
ora bakal sulap marang gebyaring kahanan
apa perlu ben diarani modern
banjur ngecet lan ngawul awul rambut
ben kaya buntut jaran sing akeh tumane?
utawa nato awak
gawe gambar tengkorak
ben katon sereng medening ning sejatine koplak?
ana maneh sing nindhik irung
kaya kebo sapi dikeluh 
ilere dleweran jijiki?
dudu
dudu iku wujud bocah jawa
ayo kanca wis wancine
gumregah tangi
nata panguripan
tuduhna menawa  jawa iku
punjere budaya luhur!

Semarang, Februari 2007
“Antologi Gurit-Puisi”
Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah


3. Pilihan kaping telu

Ing Endi Kuburmu
Karipta dening Aka Cahyaning

kembang telon iki sesok mesthi bakal alum
kanthil kenangan mawar mlathi bakal kucem
aku ora ngerti
ana ngendi kudu  dek-sebar
aku kaget banget kelangan
aku banget ngantu atu baline
adhiku bapa ibu
kang mokal
nalika tsunami ngrukel ngubel kenceng
jasadmu musna
kubure bapa ibu ora cetha

nalika langite sangsaya padhang
pangangenku sangsaya adoh
ngumbara bareng sepiku kang tanpa wates
wewayangane bapa ibu lan eseme adiku
cat katon cat ilang
sangsaya angles rasaning ati
ing kene kairing donga
dak-sebar kembang telon
kanggo adhiku bapa ibu
tanpa waspa.

Desember 2005
“Antologi –Puisi”
Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah


4. Pilihan kaping papat

Nalika Aku pamit
Karipta dening Rio Mataram

Ibu 
bun isuk katon kemerlip
kaya mutiara ing pasuketan
aku tansah kelingan
ing dalam sapecak
sing saben dina dak liwati
budhal lan mulih sekolah iki 
ibu nguntapake aku
kanthi peninggal wening lan asih
“ngger, budhala
ngundi ngelmu kanggo sngu mbesuk
ibu mung iso nyangoni pangestu
dadio generasi kang migunani.”

angles rasane ati
bening lan asing penyawange ibu
dak-enggo sangu 
macaki dina-dinaku kanthi semangat jroning batin
kersane ibu bakal dak-wujudake
kanthi tulus lan bekti
ibu
keng putra bakal mituhu

Semarang, Februari 2007
“Antologi Gurit-Puisi”
Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah


ingat supaya dalam membaca geguritan baik dan komunikatif sikap dan pembawaan harus sesuai dengan swasana serta isi dari geguritan yang dibaca. Sehingga pembaca akan terbawa suasana dan merasa senang.



0 Response to " "Geguritan" Remen Basa Jawi kelas 4 Uji kompetensi Pasinaon 1 "

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel