Soal latihan uji kompetensi pasinaon 2 remen basa jawi kelas 4


 Yudhistira, Ratu Satriya sing Ora Bisa Perang

          Perang baratayuda wis dumadi. Prajurit Pandhawa lan Kurawa wis adep-adepan ing tegal kurusetra, panggonan sing dienggo ajang perang. Kurawa netepake Prabu Salya pinangka senapati kang mimpin. Pandawa bingung mergo Prabu Salya iku iseh kapernah pakdhene dewe. Awit saka arahane Prabu Kresna akhire diputuske Prabu Yudhistira maju pinangka senapati perang Pandhawa. Sejatine Prabu Yudhistira ora nolak yen didadekake senapati nanging deweke jujur yen ora bisa perang. Prabu Salya kaget nalika saka kadohan weruh ana cahya sumorot padhang, nalika dicedhaki jebul saka awake Prabu Yudhistira. Prabu Salya eling menawa iki wancine dheweke bakal bali menyang Swarga, ananging Yudhistira pasrah yen arep dipejahi dening Prabu Salya amarga ora bisa perang. Merga wes ngerti Prabu Salya banjur ngrapal aji-aji Candra Birawa. Saka anggane Prabu Salya metu buta bajang akeh banget, buta iku banjur ngrubut lan nyokoti Yudhistira. Nanging bareng ngerti Yudhistira iku getihe putih, buta-buta iku banjur nunggal jiwa karo Yudhistira. Akhire Prabu Salya gugur ing paprangan.

I. Pilihen aksara a, b, c, utawa d ing wangsulan sing paling bener !

1. Prajurit Pandhawa lan Kurawa anggone perang ana ing ....
a. tegal kurusetra
b. tegal karangsetra
c. candra birawa
d. amarta

2. Senapati saka Kurawa yaiku ....
a. Prabu Kresna
b. Prabu Salya
c. Prabu Duryudana
d. Prabu Yudhistira

3. Prabu Yudistira iku taru sing ...
a. seneng banget perang
b. pinter banget perang
c. ora bisa perang
d. kerep maju perang

4. Prabu Salya dadi senapati prajurit Astina, tegese ...
a. prabu salya siap maju perang
b. prabu salya siap mungsuh yudistira
c. prabu salya mimpin prajurit Astina
d. prabu salya nyerang prajurit pandhawa

5. Prabu Salya ngrapal ajian ....
a. kalimasada
b. candra birawa
c. pancasona
d. rawa rontek

6. Prabu salya ing paprangan kaget merga ...
a. sing mapagake perang Yudhistira
b. sing mapagake perang Kresna
c. akeh prajurit kang padha tatu
d. prajurit astina akeh sing mati

7. Perang baratayuda mapan ing ......
8. Sidane prabu Salya .... ing parangan
9. Prabu Yudhistira iku ratu satriya sing .... perang
10. Buta bajang nunggal jiwa karo Yudistira amarga duweni getih .....

garapen seng setiti lan ati-ati

2 Responses to "Soal latihan uji kompetensi pasinaon 2 remen basa jawi kelas 4"

  1. Saya walaupun tidak menguasai bahasa Jawa, penasaran juga untuk ikut menjawab pertanyaan-pertanyaannya.

    BalasHapus
    Balasan
    1. terimakasih tetap semangat untuk belajar sambil nguri-uri budaya jawi

      Hapus

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel