Latihan soal penilaian sumatif akhir semester gasal kelas 4 "Bahasa Jawa" kurikulum merdeka
Assalamualaikum, selamat pagi adik-adik khususnya kelas 4. Pada kesempatan kali ini kita akan belajar Soal Latihan Penilaian Sumatif Akhir Semester Ganjil Kelas 4 Kurikulum Merdeka Bahasa Jawa. Yuk kita belajar bersama.
I.
Wenehana tanda silang (x) ing huruf A,B,C utawa D ing wangsulan sing trep!
Wacanen geguritan
ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1 – 3!
Kintir ing Ombyak Majuning Jaman Karipta dening Sri Sunarsih Ing pratelon Saweneh simbah nggendhong
tenggok Kalung caping nyangking
bondhotan Sapecak maju sapecak
mundur Kumliwering sato galak kang
ombene pet Kanthi swara cumengkling
lan asep nggembuleng Gawe mamanging ati nugel
dalan Bagaskara kemul mega eseme
tan kawistara Swaraning kukila ceciyetan |
1.
Isine geguritan ing dhuwur nyritakake ana pawongan simbah nggendhong
tenggok kalung caping lan nyangking bondhotan ana ing ….
A.
prapatan cedhak sawah arep mulih omah
B.
pinggir sawah arep dodolan ing pasar
C.
pratelon dalan gedhe maju mundur arep nyebrang
D.
pratelon dalan arep adol tenggok lan bondhotan
2.
Sing dikarepke tembung sato
galak kang ombene pet, ana ing geguritan ing dhuwur yaiku ….
A.
kewan galak
B.
mobil utawa kendaraan
C.
dalan sing rame
D.
kewan ngombe lenga
3.
Bagaskara kemul mega eseme eseme tan kawistara. Tembung bagaskara
padha karo ….
A.
srengenge
B.
mega
C.
lintang
D.
rembulan
Wacanen teks ing
ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 4 – 5!
Crita kang ana ing pakem pewayangan iku sejatine mung
asipat fiktif utawa mung adhedhasar pangentha. Nanging merga crita wayang
kang dilalokake dhalang isine tumrap masyarakat Jawa nggambarake lakuning
urip, mula banjur akeh kang ngarani utawa malah yakin menawa crita utawa
lakon iku pancen ana lan nate kedaden ana ing tanah Jawa. Apa maneh ing
saweneh papan ing tanah Jawa iki ana sing dijenengi padha jeneng panggonan
kang ana ing crita wayang. |
4.
Masyarakat Jawa akeh kang ngarani utawa malah yakin menawa crita ing
pewayangan utawa lakon iku pancen ana
lan nate kedaden ana ing tanah Jawa amerga ….
A.
merga crita wayang kang
dilalokake dhalang adhedhasar pangentha
B.
isine crita pewayang nggambarake lakuning uripe manungsa
C.
crita pewayangan iku sejatine mung asipat fiktif utawa ora tenanan
D.
papan ing tanah Jawa jenenge padha kabeh karo ing pewayangan
5.
Ukara ing ngisor iki kang ora trep karo wacan ing dhuwur yaiku …
A.
Crita kang ana ing pakem pewayangan iku sejatine mung asipat fiktif
B.
Akeh kang yakin menawa crita utawa lakon iku pancen ana lan nate
kedaden
C.
Papan ing tanah Jawa ana sing dijenengi padha karo jeneng panggonan
ing wayang.
D.
Isine crita ing pewayangan tumrap masyarakat Jawa ora nggambarake
lakuning urip
Wacanen geguritan ing ngisor iki kanggo
mangsuli pitakon nomer 6 – 8!
Prajurit kang nemahi tiwas
ing perang Barata Yuda wis ora bisa diwilang. Semono uga senapati kang nemahi
pralaya ing pabaratan wis akeh banget. Tegal Kurusetra papan kang kanggo
perang bebasan banjir getih sangkrah bangke. Jasade prajurit lan bangkening
kewan kurban perang pating blasar ing ngendi-endi.Kadang Kurawa wis akeh kang
nemahi tiwas. Pandhawa isih ganep lima. “Paman Prabu, kadang Kurawa sampun telas, kantun kula
kaliyan Paman Prabu. Selajengipun kados pundi, Paman?” Mangkono ature Prabu
Duryudana marang Prabu Salya. “Inggih Anak Prabu, enjang
punika pun Bapa sampun ngrasuk busana sarwa pethak, pratandha pun Bapa sampun
siyaga madeg senapati. “Kasinggihan, Paman. Sumangga, purba wasesa kula
aturaken. |
6.
Tegal Kurusetra papan sing kanggo perang bebasan banjir getih sangkah
bangke.
Pitakon
kang trep karo ukara ing dhuwur yaiku …
A.
Ana ing ngendi papan sing kanggo perang?
B.
Geneya banjir getih sangkrah bangke?
C.
Kepriye kahanane Tegal Kurusetra papan sing kanggo perang?
D.
Geneya Tegal Kurusetra dienggo papan kanggo perang?
7.
Miturut isine crita ing dhuwur, sawuse Prabu Salya ngrungokake ature Prabu
Duryudana, kang ditindakkake Prabu
Salya yaiku ….
A.
madeg dadi senapati
B.
nguculi busana sing sarwa pethak
C.
maju perang mbelani Pandhawa
D.
madeg dadi ratu Astina
8.
Tembung nemahi pralaya ing ukara kang kacetak kandel ana ing wacan
dhuwur tegese yaiku ….
A.
padha mlayu
B.
kurang mangan
C.
padha tatu
D.
mati / gugur
Wacanen teks ing
ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer
9 – 12!
Kanggone masyarakat Jawa, nyadran iku wis dadi tradisi.
Nyadran yaiku kegiatan reresik kubur lan kirim donga marang leluhur kang wis
padha seda. Nyadran, dilaksanakake ing wulan Ruwah, ngarepake wulan Pasa.
Tradisi nyadran iki dilaksanakake wiwit tanggal 17 nganti meh enteke sasi
Ruwah. Reresik kubur
lan kirim donga iki dileksanakakake kanggo ngurmati para leluhur kang wis
seda lan nyuwunaken pangapura marang Gusti Allah sakabehing dosa-dosane para
leluhur amrih bisa ditampa ing ngarsane Gusti Allah kanthi apik. Dene
ngurmatane, mapan ing reresik kubure. Kanthi kahanan kubur utawa pesareane
kang resik, dikarepake para leluhur kang wis padha seda iku karenan
penggalihe lan pirsa menawa para putra wayahe isih padha eling sanajan wis
ana ing alam kelanggengan. |
9.
Pranyatan ing ngisor iki kang ora trep karo wacan ing dhuwur yaiku …
A. Nyadran yaiku kegiatan
reresik kubur lan kirim donga marang leluhur.
B. Tradisi nyadran iki
dilaksanakake wiwit tanggal 17 nganti meh enteke sasi Ruwah.
C. Nyadran, dilaksanakake ing
wulan Ruwah, sakwise wulan Pasa.
D. Ing acaara nyadran padha
kirim donga nyuwunaken pangapura marang Gusti Allah.
10.
Kegiatane ana ing acara nyadran yaiku reresik kubur lan kirim donga
marang leluhur kang wis padha seda.
Ukara
pitakon kang trep karo pranyatan ing dhuwur yaiku ….
A.
Geneya acara nyadran dianakake?
B.
Apa wae kegiatan sing dianakake ana ing acara nyadran?
C.
Ana ing ngendi papan sing dienggo acara nyadran?
D.
Kepriye carane nganakake acara nyadran?
11.
Kanggone masyarakat Jawa, nyadran iku wis dadi tradisi sing dianakake
ana ing .…
A.
sakbare sasi Pasa.
B.
sasi Pasa Ramadhan
C.
sasi Ruwah wiwit tanggal 17
D.
sasi Pasa wiwit tanggal 17
12.
Kanthi kahanan kubur utawa pesareane kang resik, dikarepake para
leluhur kang wis padha seda iku karenan penggalihe lan pirsa menawa para putra
wayahe isih padha eling sanajan wis ana ing alam kelanggengan. Tembung alam
kelanggengan padha karo ….
A.
alam akherat
B.
alam dunya
C.
kuburan
D.
pesarehan
Wacanen geguritan ing ngisor iki kanggo
mangsuli pitakon nomer 13 – 15!
Budi pekerti iku kalakuan utawa tingkah laku becik.
Kanthi tingkah laku becik iku, mesthi jagading panguripan iki bakal tentrem
ayem. Kosok baline, menawa ing urip iki kebak ing kalakuan kang ora cetha lan
seneng gawe kisruh, mesthi jagading panguripan iki bakal nyengsarakake. Dene tuladha tumindak kang ngemu budi pekerti umpamane,
tulung tinulung marang sapadha-padha, mituhu bekti marang wong tuwa, manut
dhawuhe bapak lan ibu guru, rukun bebrayan karo kanca, lan sapiturute. |
13.
Panguripan iki yen dlakoni kanthi tingkah laku becik bisa ndadekake ….
A.
kebak ing kalakuan kang ora cetha lan seneng gawe kisruh
B.
mesthi jagading panguripan iki bakal nyengsarakake.
C.
jagading panguripan bakal tentrem ayem
D.
tulung tinulung marang sapadha-padha
14.
Sing njalari panguripan iki
dadi nyengsarakake yaiku ….
A.
rukun bebrayan karo kanca lan tangga
B.
kanthi tingkah laku becik lan ngemu budi pekerti
C.
kalakuan kang cetha lan ora seneng gawe kisruh
D.
kalakuan kang ora cetha lan seneng gawe kisruh
15.
Budi pekerti iku kalakuan utawa tingkah laku becik. Pitakon kang trep
yaiku ...
A.
Apa kosok baline budi pekerti?
B.
Apa tegese budi pekerti?
C.
Tingkah laku becik iku apa?
D.
Apa kang diarani kalakuan iku?
II.
Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!
Wacanen
geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 21 – 23!
Lurus Atine Dening : Dewi Suryani
Mira menyang
sekolah, kancane Rani lan Lusi Yen liwat
turut pinggiran guyon bebarengan sajak nyenengake Sapa sangka
ana barang tiba jebul dompete Pak Sata Amarga Mira
bocah kang lurus atine, mula diaturake “Matur nuwun ya
nak,” ngendikane Pak Sata Sami – sami
Pak |
1. Judul geguritan ing dhuwur yaiku ….
2.
Nalika nemu dompet ing dalan, sing ditindake Mira yaiku ….
3.
Miturut geguritan ing dhuwur sapa sing dompete tiba ….
Wacanen teks ing
ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 24 – 25!
Akeh masyarakat kang nguja nglegakake wektu kanggo ngleksanakake
tradisi nyadran. Sing kebeneran mapan ono ing njaban kutho, akeh sing
nguja-nguja mulih menyang desane saperlu nyadran. Dadi ing wulan ruwah iki
rancakke suasana desa sing masyarakate isih ngleksanakake tradisi nyadran
mesti rame kaya bakda. Dene prosesi utawa wujude tradisi nyadran iki, ono
sing dileksanakake bebarengan, ana uga sing dhewe-dhewe sanajan tunggal dina
lan wektu. Sing dileksanakake bebarengan, carane ing dina sing wis
ditemtokake, masyarakat pada kumpul ing sawijining makam. |
4.
Wujude tradisi nyadran iki, ono sing
dileksanakake bebarengan, ana uga sing dhewe-dhewe Pitakon : ….
5.
Ing wulan ruwah suasana desa
sing masyarakate isih ngleksanakake tradisi nyadran mesti rame kaya bakda amerga ….
6.
Perang antarane Kurawa lan Pandhawa ing Tegal Kurusetra diarani perang
Barata Yuda. Kabeh satria Pandhawa maju perang mbelani negarane. Nanging ana
salah siji satria Pandhawa sing ora gelem perang yaiku ….
7.
Saiki wes tiba mangsa rendheng. Tembung rendheng tegese ….
8. Sekar gambuh ping catur, tembung catur tegese ....
III.
Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
1.
Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo basa ngoko!
Putranipun
Pandhawa ingkang gugur wonten ing perang Baratayuda inggih punika Abimanyu kalian Gathutkaca.
2.
Sebutna 3 wae tradisi ing tanah Jawa sing dianakake sadurunge wulan
Pasa Ramadhan!
3.
Gawenen geguritan kanthi tema budi pekerti nganggo basamu dhewe!
matur nuwun
0 Response to "Latihan soal penilaian sumatif akhir semester gasal kelas 4 "Bahasa Jawa" kurikulum merdeka"
Posting Komentar