Latihan soal penilaian sumatif akhir semester genap kelas 4 "Bahasa Jawa" kurikulum merdeka



 Assalamualaikum, selamat pagi adik-adik khususnya kelas 4. Pada kesempatan kali ini kita akan belajar  Soal Latihan Penilaian Sumatif Akhir Semester Genap Kelas 4 Kurikulum Merdeka Bahasa Jawa. Yuk kita belajar bersama.

I. Wenehana tanda silang (x) ing huruf A,B,C utawa D ing wangsulan sing trep!

Wacanen teks ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1 – 3!

Ing pisowanane menyang kraton, Joko Linglung bisa diaku anake Ajisaka menawa dheweke bisa ngalahake Bajul Putih malihane Prabu Dewatacengkar kang saiki mapan ana ing Segara Kidul. Saliyane iku, menawa dheweke bisa nglahake si bajul putih iku, mulihe menyang Medangkamolan ora oleh liwat sandhuwure lemah. Dheweke kudu liwat sangisore lemah, jalaran menawa liwat dalan biasa mesthi bakal gawe wedine rakyat Medangkamolan.

1. Miturut crita ing dhuwur, supaya bisa diakoni dadi putrane Ajisaka kang kudu ditandangi Joko Linglung yaiku ….

A. mulihe kudu liwat sandhuwure lemah

B. bisa gawe wedine rakyat Medangkamolan

C. menawa deweke bis ngalahake Bajul Putih

D. bisa malih dadi Dewatacengkar ing Segara Kidul

 

2. Nalika mulih saka mateni Bajul Putih, Joko Linglung ora dikeparengake liwat sandhuwure lemah amarga ….

A. bakal gawe wedine rakyat Medangkamolan

B. deweke bisa ngalahake Bajul Putih

C. suapaya diaku dadine putrane Aji Saka

D. Prabu Dewatacengkar mapan ana ing Segara Kidul

 

3. Pranyatan ing ngisor iki kang ora trep karo wacan ing dhuwur yaiku …

A. Jaka Linglung lan Ajisaka mapan ana ing Segara Kidul.

B. Jaka Linglung diaku anake Ajisaka menawa bisa ngalahake Bajul Putih.

C. Bajul Putih malihane Prabu Dewatacengkar mapan ana ing Segara Kidul.

D. Mulihe menyang Medangkamolan Jaka Linglung kudu liwat ngisor lemah.


Wacanen teks ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 4 – 5!

Ora krasa, lakune Bocah Bajang tumeka ana sawijining omah gubug. “Ngger, kene lho mlebu omah kene. Iki ana sega sethithtik ayo dipangan bareng!” pangajake nini-nini tuwa sing duwe gubug   Bocah Bajang lan nini-nini tuwa mangan bareng ing gubug. “Mbah, kula matur nuwun diparingi maem. Mangke nek wonten banjir panjenengan numpak lesung niki nggih, Mbah? Pun kula nyuwun pamit”.

4. Piwelinge Bocah Bajang marang pawongan nini-nini sing menehi sega yaiku ….

A. “Iki ana sega sethithik ayo dipangan bareng!”

B. “Ngger, kene lho mlebu omah kene mangan bareng.”

C. Mbah, kula nyuwun pamit. Matur nuwun

D. Yen ana banjir, nini-nini tuwa supaya numpak lesung.

 

5. Ukara kang kacetak kandel ana ing wacan dhuwur yen katulis basa krama dadine yaiku …

A. “Iki wonten sekul sekedhik monggo dipangan bareng!”

B. “Niki wonten sekul sithik monggo didhahar bareng!”

C. “Iki wonten sekul sekedhik ayo didhahar sesarengan!”

D. “Niki wonten sekul sekedhik monggo didhahar sesarengan!”

Wacanen geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 6 – 8!

Ciri utamane tembang macapat duwe tata aturan utawa paugeran sing kudu ditaati. Paugeran iku antarane guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Sing dikarepake guru gatra, yaiku jumlahing gatra utawa larik saben sapada. Guru wilangan yaiku jumlahing wanda saben sagatra. Guru lagu yaiku tibaning swara pungkasan sing saben larike.

6. Paugeran utawa perangane tembang macapat cacahe ana 3.

Ing ngisor iki kang ora kalebu paugerane tembang macapat yaiku ….

A. guru lagu

B. guru swara

C. guru gatra

D. guru wilangan

 

7. Miturut isine teks ing dhuwur, kang diarani guru gatra yaiku ….

A. cacahing wanda saben sapada

B. tibaning swara pungkasan saben sagatra

C. jumlahing gatra saben sapada

D. jumlahing wanda saben sagatra

 

 

8. Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra. Tembung sagatra padha karo  ….

A. ukara

B. suku kata

C. sabait

D. salarik

Wacanen teks ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 9 – 10!

Pandhawa iku seneng meguru, golek ngilmu, ngudi kasekten. Salah sijine gurune Pandhawa yaiku Begawan Durna. Kajaba dadi gurune Pandhawa, begawan Durna uga dadi gurune Kurawa. Bedane, Kurawa anggone meguru ora temen, dhawuhe gurune ora ditindakake kanthi temen, mung ngendelake sugihe. Dene Pandhawa anggone meguru kanthi temen. Kabeh dhawuhe gurune mesthi ditindakake, mula saka iku Kurawa banjur kalah sekti.

9. Miturut crita ing dhuwur, Kurawa kalah sekti karo Pandhawa amerga  ….

A. kabeh dhawuhe gurune ditindakake Kurawa

B. Pandhawa temen lan ngendelake sugihe

C. Kurawa anggone meguru ora temen

D. Begawan Durna uga gurune Pandhawa

 

10. Kang dilakokake Pandhawa anggone meguru marang Begawan Durna kabeh dhawuhe ditindakake kanthi temen. Tembung dhawuhe padha karo ….

A. kepenginane.

B. prentahe

C. kasektienane

D. panjaluke


II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

Wacanen teks ing ngisor iki kanggo nggarap pitakon nomer 1 – 2 !

Ing Jawa Tengah, akeh crita rakyat kang ana sambung rapete karo sejarah, jenenge panggonan utawa crita-crita aneh sing ora nalar. Crita-crita iku antarane :  Dumadine Rawa Pening, Dumadine Bleduk Kuwu, Asal mulane kutha Semarang, lan liya-liyane. Sanajan isi critane aneh-aneh lan akeh sing ora nalar, nanging merga ngemu pekerti becik, mula crita rakyat kerep dienggo ajang ndidik lan nanemake budi pekerti.

1. Geneya crita rakyat kang aneh-aneh lan ora nalar iku kerep dienggo ndidik lan nanemake budi pekerti?

2. Salah sijine crita rakyat ana ing Jawa Tengah yaiku “Asal mulane Kutha Semarang” Miturut critane, Kutha Semarang iku asal mulane saka tembung apa?.

3. Crita “Dumadine Bledhuk Kuwu” kedadeyane ana ing Kutha Blora, dene critane “Dumadine Rawa Pening” iku kedadeyane ana ing kutha ngendi?

4. Tembang Macapat iku cacahe ana sewelas! Sebutna 3 wae arane tembang macapat!

5. Tulisen ukara ing ngisor iki nganggo aksara jawa!

Tuku sepatu karo buku.


Selamat Belajar

0 Response to "Latihan soal penilaian sumatif akhir semester genap kelas 4 "Bahasa Jawa" kurikulum merdeka"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel