soal penilaian tengah semester 2 kelas 5 bahasa jawa
November 15, 2018
Add Comment

I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d minangka wangsulan kang bener!
Wacan kanggo soal 1 – 7.
Mijil
Poma kaki, padha dipuneling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
samubarangipun
1. Tembang Mijil ing ndhuwur dumadi saka … gatra.a. 6 c. 8
b. 7 d. 9
2. Salah sijine paugeran tembang macapat yaiku guru wilangan. Guru wilangan gatra kapindho ing wacan dhuwur yaiku ....
a. 7 c. 6
b. 8 d. 5
3. Guru wilangan lan guru lagu ing tembang Mijil yaiku ….
a. 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u c. 10i, 6u, 10e, 10i, 6i, 6u
b. 10i, 6o, 10a, 10i, 6i, 6u d. 10i, 6o, 10e, 10u, 6i, 6u
4. Poma kaki, padha dipunenling. Tegese tembung kaki yaiku ….
a. bocah wadon c. bocah lanang
b. bocah gedhe d. bocah cilik
5. Ruruh sarta wasis. Tegese tembung wasis ing tembang iku yaiku ….
a. anteng c. alus
b. pinter d. apik
6. Watake satriya adhedhasar tembang Mijil iku, kajaba ….
a. anteng c. alus
b. pinter d. nakal
7. Apa isine tembang Macapat Mijil?
a. Pituture bocah marang wong tuwa supaya duwe watak satriya
b. Piwelinge wong tuwa supaya dadi bocah kang duwe watak satriya.
c. Pituture ingong marang sira supaya ora nakal karo kancane.
d. Pitutur supaya dadi bocah kang meneng, gemi, lan grapyak.
8. Sabar duwe watak sregep, dene mbakyune ….
a. gemi c. boros
b. kesed d. ala
9. Segara kidul kae … banget, beda karo kali ngarep omahku sing ….
Tembung kosok balen kang trep kanggo ukara ing ndhuwur yaiku ….
a. jero – cethek c. jero – cendhek
b. njero – njaba d. njero – cethek
10. Kelas iki … amarga lampune diurupke. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara yaiku ….
a. peteng c. padhang
b. njero d. njaba
11. Lintang kae menawa ngopek kersen ora nganggo gothek amarga awake ….
a. dawa c. dhuwur
b. cendhek d. ndhuwur
12. Bocah … padha dolanan dhakon, dene bocah … bal-balan ing lapangan.
a. grapyak – anggak c. gemi – boros
b. becik – ala d. wadon – lanang
13. “Sekar pangkur angrumpaka.” Tembung angrumpaka iku tegese ….
a. nglagoake c. ngrakit
b. nembangake d. nyanyekake
15. Saben dina aku nggawa piranti sing wujude dawa iki. Ing jerone ana mangsi/tintane. Biyasane tak gunakake kanggo nulis. Piranti iki jenenge ….
a. bolpen c. buku
b. potelot d. garisan
Wacan kanggo soal no 16
Murid Tumemen
Kaanggit dening Rangga Oditama
Saben esuk cengkelak ninggalake klasa bantal
Lempit-lempit nulis adus
Kosokan resik
Tan ana perangan kang katinggal
Cukat trengginas
Sarapan banjur budhal ing pamulangan
Setiti mirengake
Wani micara sajerone pasinaon
Pancen kuwi murid kang tumemen
16. Ing wayah apa isi crita manut geguritan ing dhuwur?a. esuk c. sore
b. awan d. wengi
20. Panggonan ing sekolahan sing biyasane digunakake kanggo maca buku crita jenenge ….
a. mushola c. lobi
b. kantin d. perpustakaan
Wacan kanggo nomer 21 – 28.
Nalika Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, dheweke weruh ana putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putrine Prabu Baka. Bandung Bandowoso kepengin nglamar Roro Jonggrang. Dheweke gelem dadi garwane Bandung Bondowoso menawa digawekake 1000 candhi. Bandung Bondowoso diwenehi wektu sewengi kanggo ngrampungake candhine.
Kacarita Bandung Bondowoso ngutus Jin lan setan supaya nggawe candhi sing cacahe 1000 kuwi. Durung genep 1000 candhi, jago-jago padha kluruk. Iki bisa dumadi amarga Roro Jonggrang ngutus dhayange ngobong dami lan nuthuk lesung. Wadyabalane langsung ilang. Bandung Bondowoso muntap. Roro Jonggrang mblenjani janji. Sanalika uga Bandung Bondowoso nyabda Roro Jonggrang dadi candhi.
21. Crita Roro Jonggrang lan Bandung Bondowoso nyritakake dumadine candhi ….
a. Borobudur c. Sukuh
b. Prambanan d. Mendut
22. Kepriye watake Roro Jonggrang?
a. culika c. dugsiya
b. umuk d. pinter
23. Kepriye watake Bandung Bondowoso?
a. serakah c. clemer
b. srei d. gumedhe
24. Bandung Bondowoso muntap. Tegese tembung muntap yaiku ….
a. nesu c. seneng
b. sedhih d. wedi
25. Kenangapa Bandung Bondowoso muntap?
a. Amarga ora bisa gawe 1000 candhi.
b. Amarga ora bisa nguwasani Prambanan.
c. Amarga wadyabalane padha ilang.
d. Amarga para dhayang ngobong dami.
26. Pratelan kang trep ora karo isine wacan yaiku ….
a. Bandung Bondowoso ngutus wadyabalane ngobong dami.
b. Roro Jonggrang putrane raja kerajaan Prambanan.
c. Roro Jonggrang mblenjani janjine marang Bandung Bondowoso.
d. Roro Jonggrang disabda dadi candhi kanggo mujudake kekarepane.
27. Piweling apa kang bisa kojupuk saka crita ing ndhuwur?
a. Aja gelem dadi wadyabalane Bandung Bondowoso.
b. Aja seneng nuruti kekarepane awake dhewe.
c. Aja seneng karo wong wadon sing ayu banget.
d. Aja gampang percaya karo wong liya.
28. Crita antarane Roro Jonggrang lan Bandung Bondowoso diarani ….
a. dongeng c. legenda
b. fable d. mite
29. Mbah kakung pinarak ing kursi goyang. Tembung pinarak tegese ….
a. lungguh c. ngadeg
b. mundur d. maju
30. Nalika pidhato, pak lurah jumeneng ing ngarep. Jumeneng tegese ….
a. lungguh c. ngadeg
b. mundur d. maju
31. Tulisan simBh lgida/ yen diwaca yaiku ....
a. Simbah lagi dhahar c. Sima lagi dhahara
b. Simbah lagi dahar d. Simbhah lagi dhahar
32. afiku tu ku s nF l an ....
a. swh c. se[kolh
b. ps/ d. [aomh
33. lu z mev= [so[lo yen diwaca yaiku ....
a. Lunga menyang Solo c. Aku lunga Sala
b. Ana lunga Solo d. Lunga menyang Sala
34. Tulisan “Indonesia” yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku ....
a. [ao [noF [nsia c. ai n\ [fo [nsia
b. ai [noF [n sia d. ai n\ [do [nsia
35. Tulisan “Seblak sampur” yen ditulis nganggo aksara yaiku ....
a. se bLkSmPu/ c. [sbLk\smPi/
b. s eb l k\ s m\ pu/ d. sebLksmPu/
II. Wangsulana pitakonan-pitakonan iki kanthi cekak!
1. Sekar pangkur angrumpaka. Tembung angrumpaka tegese ....
2. Dasanamane tembung bagaskara yaiku ....
3. Cacahe tembang Macapat iku ana ....
4. Tibaning swara ing pungkasaning gatra yaiku ....
5. Prapahlawan nundhung penjajah nyingkir. Tembung nundhung tegese ....
6. Dasanamane tembung Bumi yaiku ....
7. Crita rakyat kang ana sambung rapete karo dumadine papan utawa sabubarang yaiku ....
8. Crita rakyat biasane anonim, tegese .…
9. Tulisan “Cakra Slawi” yen ditulis aksara jawa .…
10. Tulisan iki snFlJepit\ yen ditulis latin yaiku ....
III. Wangsulana pitakonan-pitakonan iki kanthi trep!
1. Aranana paugerane tembang Macapat Pangkur!
2. Apa watake tembang Macapat Pangkur?
3. Coba gawea geguritan tema Nasionalisme ( ± 5 gatra ), wenehana irah-irahane!
4. Tulisan cekak wae crita “Dumadine Kutha Banyuwangi”!
5. Tulisen aksara jawa saka ukara “Bu Pandu tuku tas anyar”!
0 Response to "soal penilaian tengah semester 2 kelas 5 bahasa jawa"
Posting Komentar