Pembahasan aku bisa basa jawa 5 kelas 5 ulangan piwulang 5


Selamat pagi, kali ini kita akan membahas dari buku aku bisa basa jawa 5 kelas 5 ulangan piwulang 5 semoga dapat membantu dalam belajar.

A. Pilihen wangsulan a, b, c, utawa d, sing koanggep bener!

sekar pangkur angrumpaka
pra pahlawan nundhung penjajah nyingkir,
Demak Adipati Unus,
Sultan geng Tirtayasa,
Ing Mataram sumusul Sri Sultan Agung,
Pangeran Diponegara,
Kyai Maja dadya kanthi

1. Tembang pangkur saben sapada ana ....
a. 5
b. 6
c. 7
d. 8

2. Gatra kaping pindho guru wilangan lan guru lagune pangkur yaiku ....
a. 8a
b. 11u
c. 11i
d. 8u

3. "Ing Mataram sumusul Sri Sultan Agung." Tembung sumusul iku linggane ...
a. sumu
b. susul
c. sinusul
d. susu

4. "Sekar pangkur angrumpaka". Tembung ngrumpaka iku tegese ...
a. nglagokake
b. ngrakit
c. nembangake
d. nyanyekake

5. Cacahing wanda saben sagatra tembang macapat punika aranipun ....
a. guru lagu
b. guru gatra
c. guru wilangan
d. guru pada

gumelar jembar bumi asri
sumunar sumringah sunare bagaskara
padhang sumilak hanelahi jagad nuswantara
bumi pusaka wus kawentar
ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani
wutah getihku daktresnani

6. Dasanamane bagaskara kaya kasebut ing ngisor iki, kejaba ...
a. surya
b. kartika
c. bagaspati
d. srengenge

7. Tembung kawentar tegese ...
a. kondhang
b. kawetu
c. katon
d. katelah

8. Bumi tegese kaya ing ngisor iki kejaba ....
a. tasik
b. pertiwi
c. kisma
d. jagad

9. Dasanamane sumilak yaiku ...
a. njingglang
b. mbiyak
c. sulap
d. resik

10. Geguritan wutah getihku duwe wekas supaya ...
a. njaga langgenging kamardikan
b. guyub rukun nyambut gawe
c. ngurbanake jiwa raga
bebarengan ambangun negara

B. Wangsulana kang patitis!
1. Paugerane tembang pangkur iku ana 3, sebutna!
2. Watake tembang pangkur iku kepriye?
3. Babagan kang kudu digatekake nalika maca geguritan iku ana telu, sebutna!
4. Sebutna tuladha tembang macapat telu wae sing kok ngerteni!
5. Apa tegese geguritan kuwi?

Pembahasan
A.Pilihan ganda
1. C
2. C
3. B
4. B
5. C
6. B
7. A
8. A
9. A
10. A  

B. Uraian
1. Paugerane tembang pangkur
    a. saben sapada dumadi saka 7 gatra
    b. saben sagatra dumadi saka guru wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, lan 8
    c. saben sagatranbguru lagune tiba : a, i, u, a, u, a, i.

2. Watake tembang pangkur yaiku : sereng, greget, srengen.

3. Kang kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku : wicara, wiraga, wirama

4. Tuladha tembang macapat : pangkur, sinom, gambuh

5. Tegese geguritan yaiku puisi jawa kang ora kaiket paugerane.

2 Responses to "Pembahasan aku bisa basa jawa 5 kelas 5 ulangan piwulang 5"

  1. Biarpun saya orang Tegal tapi kok tidak paham bahasa Jawa seperti ini, sungguh terlalu.😂

    BalasHapus
  2. Soal PG no.9 itu dasanamane sumilak kalau lihat di kamus bau sastra basa jawa kok artinya resik ya.. Bukan njingglang. Padhang njingglang itu padhang banget. Kalau padhang sumilak itu padhang kang cahayane resik langit e resik. Mohon maaf kalau salah. Soalnya bingung kok beda artinya Kata2 yang ada di kamus😁

    BalasHapus

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel