Soal ulangan harian bahasa jawa bab 3 kelas 4 kurikulum 2013


A. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, utawa d ing wangsulan sing paling bener !

Wigatekna kanggo jawab soal nomer 1-8


Nyadran
    Kanggone masyarakat jawa, nyadran iku wis dadi tradhisi. Nyadran yaiku kegiatan reresik kubur lan kirim donga marang leluhur kang wis padha seda. Nyadran dileksanakake ing wulan Ruwah, ngarepake wulan Pasa. Tradisi nyadran iki dileksanakake wiwit tanggal 17 nganti meh enteke sasi Ruwah.

    Reresik kubur lan kirim donga iki dileksanakake kanggo ngurmati para leluhur kang wis seda lan nyuwunake pangapuro marang gusti Allah sakabehing dosa-dosane para leluhur amrih bisa ditampa ing ngarsane Gusti Allah kanthi apik. Dene ngurmatane, mapan ing reresik kubure. Kanthi kahanan kubur utawa pesareane kang resik, dikarepake para leluhur kang wis pada seda iku karenan penggalihe lan pirsa menawa para putra wayahe isih padha eling sanajan wis ana ing alam kelanggengan.

    Saliyane iku, tradisi nyadran dileksanakake ing wulan ruwah, sangarepe wulan Pasa. Jalaran manut ing keyakinane masyarakat Jawa, ana sasi pasa pesarean utawa makam iku kosong, ora ana jasad apa dene arwahe kang ana ing kono. Mula saka iku sadurunge para leluhur ninggalake pesareane, makame perlu diresiki lan arwahe perlu didongakake muga-muga dipangapura dosane.

    Akeh masyarakat jawa kang nglegakake wektu kanggo ngleksanakake tradisi nyadran iki. Sing kabeneran mapan ing liya dhaerah akeh sing mulih menyang desane saperlu nyadran. Dadi ing wulan ruwah iki, swasana desa sing masyarakate iseh ngleksanakake tradisi nyadran mesti rame kaya bakda. Dene prosesi nyadran iki ana sing dileksanakake bebarengan ana uga seng dewe-dewe. Sing bebarengan carane ing dina sing wes ditemtokake, masyarakat padha kumpul ing sawijining makam kanthi nggawa ubarampe slametan. Biasane sega ingkung karo lawuh liyane. Ana salah sawijining pemimpin utawa ulama kang ngimami ndonga. Sawise ndonga ubarampe slametan banjur dipangan bareng ana ing kono.

Baca :
soal latihan kelipatan dan faktor persekutuan

1. Nyadran iku mujudake kegiatan reresik kubur kang tujuane ....
a. ngresiki pesarean
b. slametan ing pesarean
c. kirim donga leluhur
d. kirim donga masyarakat

2. Tradisi nyadran dileksanakake ing wulan .....
a. rejep
b. ruwah
c. pasa
d. sawal

3. Wulan ruwah iku ....
a. sasi sadurunge pasa
b. sasi sauwise pasa
c. sasi sadurunge syawal
d. sasi sauwise syawal

4. Wujude tradisi nyadran yaiku ....
a. niliki lan ngresiki kubur sarta kirim donga kanggo para leluhur kang wis seda
b. niliki lan ngresiki kubur sarta kirim donga kanggo para leluhur kang mranto
c. niliki lan ngresiki kubur sarta kirim donga kanggo para sedulur-sedulur
d. niliki lan ngresiki kubur sarta kirim donga keslametan kanggo para sanak kadang

5. Sauwise ubarampe slametan didongani, banjur ...
a. dinggo bancakan
b. dinggo rebutan
c. digawa mulih
d. dipangan bareng

6. Ngepasi nyadran biasane swasana desa dadi ....
a. sepi
b. rame
c. suwung
d. geger

7. Masyarakat desa kang padha mranto padha ....kanggo ngleksanakake nyadran
a. lunga
b. mulih
c. budhal
d. sepakat

8. Tujuane ngirim donga marang para leluhur kang wis seda yaiku ....
a. supaya lepas parane jembar kubure
b. supaya ndongakake putra wayahe
c. supaya diapuro kabeh dosane
d. supaya putra wayahe tansah eling

9. Kutha Klaten iku klebu wewengkon Pamarentah Provinsi Jawa Tengah. Tembung wewengkon tegese ....
a. wilayah
b. kutha
c. desa
d. masyarakat

10. Kanthi dikuras lan diresiki lendhute saben taun, banyu sendang tetep ....
a. ora entek
b. mili bening
c. bisa mili
d. bisa nyukupi

B. Isenana nganggo ukara utawa tembung kang trep !

1. Saben wulan apa tradhisi nyadran dileksanaake ?

2. Apa karepe masyarakat padha ndongakake para leluhur kang wis seda ?

3. Kepriye swasanane desa nalika nyadran ?

4. Sebutna 2 wae sing kudu digatekake yen arep nulis isine wacan nganggo basa krama !

5. Gawenen ukara nganggo tembung tradhisi !

8 Responses to "Soal ulangan harian bahasa jawa bab 3 kelas 4 kurikulum 2013"

  1. wah bahasa jawa ya, boleh dipelajari juga nich, mana tahu bisa bahasa jawa

    BalasHapus
    Balasan
    1. sekarang anak jawa aja gak tau apalagi yang luar jawa hehehehe

      Hapus
  2. Jadi pengen belajar bahasa jawa. Saya orang Lampung

    BalasHapus
    Balasan
    1. semangat belajar, saya sendiri orang jawa juga belum bisa menguasai bahasa jawa

      Hapus
  3. C, B, A, A, D, B, B, C, A, A.
    Aku niat bgt ngisi yg pilihan ganda dong hahahhaa

    BalasHapus
    Balasan
    1. terimakasih kak jawabannya betul semua saya kasih nilai 100 ya hehehehehe

      Hapus
  4. jawaban isiannya apa dong aku juga lagi ngerjain itu dari guru aku plisss dong jawab 😥✌😁

    BalasHapus

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel