Soal Penilaian Akhir Semester 1 Bahasa Jawa kelas 5



I. Wenehana tanda ping (X) ing aksara A, B, C utawa D jawaban kang paling bener!

Wacanen teks pidato ing ngisor iki!

Mengeti Ulang Tahun

Assalamualaikum wr. wb.
Para sesepuh lan pinisepuh ingkang kula bekteni. Para sedherek ingkang kinurmatan.

Sumangga panjenengan sami kula dherekake muji syukur ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun maringi nugraha arupi kasarasan saengga kula lan panjenengan sedaya saged kempal ing dalem kula menika kanthi  wilujeng.

Wonten ing wekdal menika keparenga kula Suprapto ngadeg ing ngarsa panjenengan sami saperlu mranata adhicara pahargyan ulang tahun putra kula Adimas Sudarmanto.

Dene adicara menika karakit kadhos mekaten, sepisan inggih menika pambuka. Ingkang kaping kalih atur pambagyaharja. Dene ingkang kaping tiga inggih punika donga kalajengaken kembul bujana. Minangka adicara ingkang kaping sekawan, adicara pungkasan menika panutup.

Mekaten para rawuh rantapaning adicara pahargyan ulang tahun dinten menika. Mugi-mugi purwamadya lan wasana adicara menika saged kalampahan kanthi lancar kalis ing rubeda nir ing sambikala. Sinambi nengga samudayanipun siyaga kasuwun para rawuh nyekecaaken lelenggahan kanthi merdikaning penggalih ing ing palenggahan ingkang sampun kacawisaken. Nuwun

Wassalamualaikum wr.wb.

1. Mekaten para rantapaning adicara pahargyan ulang tahun dinten menika. Tembung kang dicithak miring duwe arti ....
a. pengetan
b. urip
c. kumpul
d. melu

2. Basa sing digunakake kanggo pidhato ulang tahun karo kanca kanca yaiku ....
a. basa krama
b. basa krama alus
c. basa ngoko
d. basa krama inggil

3. Irah-irahan pidhato ing ndhuwur yaiku ....
a. kamardhikan republik Indonesia
b. mengeti ulang tahun
c. perpisahan kelas 6
d. mengeti sedekah bumi

4. Jenenge pranata cara ana ing pengetan ulang tahun yaiku ....
a. Suprapto
b. Adimas Sudarmanto
c. Nurman
d. Anto mardi

5. Sak derengipun kula matur mangga kula derekaken asung puja dhumateng Gusti ingkang akarya jagad. Ukara ana ing pidhato kuwi kalebu perangan ....
a. salam pambuka
b. surasa basa
c. wusana basa
d. purwaka basa

6. Tuladha salam panutup yaiku ....
a. Assalamualaikum wr.wb.
b. Halo piye kabare
c. Wassalamualaikum wr.wb.
d. wasana cekap semanten atur kula

7. Panulise purwaka kang trep ing ngisor iki yaiku...
a. Para Sesepuh lan Pinisepuh ingkang kula bekteni
b. Para Sesepuh Lan Pinisepuh ingkang kula bekteni
c. Para sesepuh lan pinisepuh ingkang kula bekteni
d. Para Sesepuh lan pinisepuh ingkang kula bekteni

8. Kupat bumbu santen, menawi lepat nyuwun pangapunten. Ukara kuwi ing basa jawa kalebu ....
a. sanepa
b. parikan
c. paribasan
d. kerata basa

9. Nulis pidato kudu cocok karo ....
a. isine
b. tulisane
c. kahanane
d. perentahe!

10. Gatekna bab-bab ing ngisor iki!
1. salam pambuka
2. wusana basa
3. purwaka basa
4. surasa basa
5. salam panutup

Urutane seng bener yaiku .....
a. 4,2,3,1,5
b. 1,3,4,2,5
c. 2,4,1,3,5
d. 3,2,1,4,5

Wacanen teks ing ngisor iki kanggo jawab no. 11-15!

Karna Madeg Senopati

     Adipati Karna satriya ing ngawangga madek senopati kurawa maju ing palagan. Sejatine, Karna wes mengerti yen mbelani kurawa kuwi dudu tumindak kang becik. Nanging, Karna wis kaputangan budi karo Duryudana raja Hastina kang ambeg angkara murka. Mulane dheweke gelem sabaya mukti sabaya pati tegese gelem mbelani hastina.

     Adipati Karna iya aran suratmaja iku putrane Bathara Surya lan dewi Kunthi, mula Karna iku klebu drajating Wasu, yakuwi manungsa setengah dewa. Mula kuwi, ora mokal yen Karna kasinungan kadigdayan kang linuwih. Kinantenan panah Kuntawijayandanu( Kunta Druwasa), pusakane karna wujud keris aran kiai kaladete( ing padhalangan gagrag sala sinebut kiai jalak). Aji-ajine Karna yakuwi Aji Kalalupa(bisa ngetokake buta akeh banget), lan naracabala(bisa ngetokake gegaman maneka warna)

11. Adipati Karna satriya ing Ngawangga mandek senopati Kurawa maju ing palagan. Tembung kang dicetak miring duwe arti .....
a. nyengkuyung
b. seda
c. peperangan
d. jagad

12. Ibune adipati karna yaiku ....
a. srikandhi
b. dewi kunthi
c. arimbi
d. drupadi

13. Adipati karna satriya ing ....
a. amarta
b. madukara
c. hastinapura
d. ngawangga

14. Adipati karna iku klebu drajating wasu, wasu tegese ......
a. manungsa pinilih
b. manungsa linuwih
c. manungsa setengah dewa
d. manungsa sekti mandraguna

15. Pusakane Adipati karna kang wujud keris arane ....
a. kiai Maja
b. kiai Jalak
c. kiai Agung
d. kiai Pinilih

16. Panengahe Pandhawa yaiku ....
a. sadewa
b. arjuna
c. nakula
d. werkudara

17. Jejering satriya utama kudu berbudi bawalaksana, tegese ....
a. wani perang karo sapa wae
b. wani nantang sapa wae
c. yen ngomong kudu netepi omongane
d. yen ngomong bisa gonta-ganti

18. Mangewu-ewu prajurit padha leren lan mandheg anggone bandayudan amarga ....
a. arep mbelani Arjuna lan Karna
b. arep menehi pambiyantu perang tandhinge Arjuna lan Karna
c. arep ngewangi perang tandinge Arjuna lan Karna
d. arep mangerteni perang tandhinge Arjuna lan Karna

19. Sapa bae kang nonton perang tandinge antarane Arjuna lan Karna mau bakal gumun lan kaget, amarga ....
a. kekarone padha-padha prigel
b. kekarone padha rupane
c. kekarone padha klambine
d. kekarone padha-padha kalah

20. Panah kuntawijayandanu iku pusakane ....
a. Nakula
b. Karna
c. Gathotkaca
d. Bima


Wacanen teks ing ngisor kanggo jawab no 21-25!


Gunung Merapi Njeblug

    Gunung merapi kang dhuwure 2968 m njeblug dina Senen 22 Juli 2013, wiwit jam 04.22 nganti jam 05.35 WIB. Njebluging gunung merapi nganti krungu saka pos kaliurang. Ana gumpalan awan warna ireng kang prasasat mumbul ing angkasa. Akeh material warna abang uga melu mbludhak mumbul mandhuwur udakara 1.000 meter sak puncak merapi.

   Kahanan iku iga dibarengi udan awu lan pasir alus kang sumebar ing sak kiwa tengene merapi. Udan awu kedadeyan nganti 7-14 km saka puncaking merapi tumuju ing arah Klaten lan Sleman. Desa-desa kang kena udan awu kayata ing tlatah Deles, Tlogowatu, Kemalang, Balerante, Klaten ing Jawa Tengah. Udan awu uga ngenani Kalitengah Lor, Kalitengah kidul, Srunen, Kaliurang Sleman Yogyakarta. Para warga padha ngungsi, nanging isih ana kang ora gelem jalaran padha nunggu barang-barang lan raja kayane. Ana pirang-pirang kabupaten sing kena akibat njebluge gunung merapi, yaiku Klaten, Boyolali, Yogyakarta, Sleman, Magelang, lan sakiwa tengene.

21. Gunung merapi njeblug nalika ....
a. Senin 2 Juli 2012
b. Senin 2 Juli 2013
c. Senin 22 Juli 2012
d. Senin 22 Juli 2013


22. Pira dhuwure gunung merapi ?
a. 2689 m
b. 2698 m
c. 2968 m
d. 2986 m



23. Isih ana kang ora gelem ngungsi amarga ....
a. nunggu barang lan raja kaya
b. nunggu barang lan kulawarga
c. nunggu barang lan ora bisa mlayu
d. nunggu barang lan wedi


24. Desa-desa ing Klaten kang kena udan awu yaiku ....
a. Deles, Tlogowatu, Srunen
b. Deles, Kemalang, Kalitengah Kidul
c. Deles, Togowatu, Kemalang
d. Deles, Srunen, Balerante


25. Ing ngisor iki kabupaten sing kena akibat njebluge gunung merapi, kejaba ....
a. Boyolali
b. Tegal
c. Klaten
d. Magelang

26. Tanpa tandha-tandha, dumadakan Gunung Bromo njeblug.
Tembung kang kacitak miring ing ukara mau padha karo tembung ....
a. ujug-ujug
b. bubar wae
c. arep mentas
d. cilik

27. Dina minggu kepungkur Desa Beji, kena musibah banjir bandhang. Musibah .... sing kedadeyan ana ing Desa Beji?
a. sapa
b. pira
c. apa
d. kepriye

28. Cendek dhuwure nalika maca teks diarani ....
a. intonasi
b. pocapan
c. ekspresi
d. vokal

29. Pasangan aksara jawa ing ngisor iki yaiku ...
a. ca
b. sa
c. na
d. wa

30. Aksara jawa ing ngisor iki yen di waca ...
a. mangan rujak
b. mangan sego
c. mangan roti
d. mangan gori


II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang trep!

1. Mekaten ingkang saged kula aturaken kathah ing lepat kula nyuwun agenging pangaksami. Tembung pangaksami tegese padha karo tembung .....

2. Perangan pidhato kang ngandharake isine pidato diarani .....

3. Pidato ing basa jawa uga diarani ....

4. Adipati Karna duweni senjata panah kang ampuh yaiku .....

5. Adipati Karna kuwi satemene duwe drajat wasu, tegese isih turunane ....

6. Jeneng liyane Adipati Karna yaiku .....

7. Bocah-bocah padha sengkut reresik kelas sak wise banjir bandhang. Tembung sesengkut duwe teges ....

8. Yen ngarang deskripsi diwiwiti saka nemtokake ....

9. Tembung klapa ijo yen ditulis aksara jawa yaiku .....

10. Tembung ing  ngisor iki yen ditulis aksara latin yaiku .....



III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati!

1. Tulisen purwaka pidato kanggo acara ulang tahunmu!

2. Apa sebabe Adipati Karna mbelani Kurawa, sanajan dudu tumindak kang becik?

3. Wacanen wacan ing ngisor iki!

      Biyen nalika tanggal 26 Januari 1990, ana tragedi banjir bandhang sing nerjang Kaligarang lan Banjir kanal Barat. Luwih saka satus warga dadi korban wektu musibah tengah wengi kuwi. Bubar musibah kuwi banjir kanal barat terus ditata. Senajan kudu nunggu nganti 20 tahun luwih, sing penting saiki banjir kanal wes temata, kaline tambah amba lan jero, lan tanggule tambah kuwat.

Apa isine wacan kuwi ?

4. Tulisen ukara-ukara iki nganggo aksara jawa!
a. Kardi mangan duku
b. Pak Wandi kesah

5. Tulisen ukara-ukara iki nganggo aksara latin!
a. 

b.



-------------garapen kanthi setiti lan ati-ati---------

5 Responses to "Soal Penilaian Akhir Semester 1 Bahasa Jawa kelas 5"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel