DUMADINE KUTHA SALATIGA





Assalamualaikum, sugeng enjing siswa-siswi ingkang tansah kula tresnani lan kula banggaaken. Mugi-mugi tansah pinaringan bagas kuwarasan. Dinten meniko kita badhe sinau babagan dumadine kutha Salatiga. Monggo dipun waos kanthi premati lan ati-ati.


DUMADINE KUTHA SALATIGA

 Nalika semono kabupaten Semarang diasta dening Ki Ageng Pandhanaran kang banget kesuwur. Amarga anggone ngasta pemerentahan olehe mung babagan bandha lan kasugihan. Saengga nglirwakake bab karohanen lan kajiwan kanggo sangu tembe yen wis seda.

Ing sawijining dina dheweke ketemu karo Sunan Kalijaga. Ki Ageng ora percaya yen panjenengane kuwi Sunan. Mula kanthi rasa gumedhe amarga rumangsa yen  menang drajat Ki Ageng banjur njaluk bukti marang Sunan Kalijaga. Dheweke gelem sumujud, setya lan paring bandha kang  akeh  marang Sunan, yen Sunan bisa maringi bukti.

Kanthi pasuryan bening cumengkling, Sunan Kalijaga meneng sing katone kaya lagi manunggal marang Gusti. Sawise kuwi netrane nyawang wit aren kang ana ing mburine Ki ageng. Ki ageng age-age noleh nyawang wit aren. Ki ageng terus kaget kolang-kaling sing maune rupa ijo saiki gumebyar sorote kaya emas. Kanthi rasa gugup kecampuran wedi lan uga isin, Ki Ageng ndingkluk lan nyuwun pangapura marang sunan Kalijaga.Wiwit kuwi Ki Ageng dadi muride sunan Kalijaga kang kawentar. Saengga kanthi lila lan legawa pangkat lan derajate dadi bupati diuculi. Ki Ageng ngrucat kadonyan kanggo netepi janjine marang sunan Kalijaga.Ing sawijining dina Ki Ageng karo garwane Nyi Rimbawati dadi sesilihane, Sunan Kalijaga ngumbara ing tlatah kidul kanggo nyebarake agama islam. Sing ijek dadi perkara Nyi Rimbawati durung bisa ngrucat bab kadonyan. Mula Nyi Rimbawati ditinggal dening Ki Ageng Pandanaran lan  Sunan Kalijaga. Nyi Rimbawati nyusul lakune Ki Ageng Pandanaran karo Sunan Kalijaga. Emas lan inten digawa kanthi dilebokake ana ing njero pring kanggo teken.

Ing tengah dalan Nyi Rimbawati dicegat rampok sing cacahe ana telu. Rampok kuwi ngrebut tekene Nyi Rimbawati kanthi peksan. Nyi Rimbawati mlayu kanggo nylametke awake, kanthi awak sing kesel wusanane bisa nyusul Ki Ageng lan Sunan Kalijaga. Kanthi tembung pedhot-pedhot dheweke nyritakake lelakone sing ditemahi  yen dibegal wong telu. Sabanjure saka lelakon kuwi, papan panggonan iku diwenehi jeneng Salatiga. Dijupuk saka tembung sing salah ana telu.




0 Response to " DUMADINE KUTHA SALATIGA"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel