ringkesan isi wacan "nyadran" remen basa jawi kelas 4 pasinaon 3

 


Assalamualaikum, selamat pagi anak-anak tetap semangat belajar ya. Kali ini kita akan belajar membuat ringkasan dari bacaan teks nyadran soal uji kompetensi remen basa jawi kelas 4 pasinaon 3 piwulang 5. Mari belajar bersama.



Nyadran

Kanggone masyarakat Jawa, nyadran iku wis dadi tradisi. Nyadran yaiku kegiatan reresik kubur utawa pesarean lan kirim donga marang leluhur kang wes padha seda. Nyadran dileksanaake ing wulan ruwah, ngarepake tibane wulan pasa wiwit tanggal 17 nganti meh enteke sasi Ruwah. Tradisi reresik kubur utawa pesarean lan kirim donga iki dileksananake kanggo ngurmati para leluhur kang wes seda lan nyuwunake pangapura marang gusti Allah sakabehing dosane leluhur amrih bisa ditampa ing ngarsane gusti Allah kanthi apik. Kanthi kahanan pesarean kang resik dikarepake para leluhur karenan penggalihe lan pirsa menawa putra wayah isih padha eling. 

Tradisi nyadran kenengapa kok dileksanankake wulan ruwah sangarepe wulan pasa amarga ing keyakinan masyarakat jawa yen sasi pasa pesarean iku kosong ora ana jasad apa dene arwah ing kono mula sadurunge arwahe ninggalake pesarean kudu diresiki lan dikirim donga. Tradisi nyadran iki ono sing dileksanaake dewe-dewe lan ana uga sing bareng-bareng. Sing dileksanaake bareng biasane wes nemtokake dina lan tanggale. Masyarakat padha kumpul ing makan kanthi gawa ubarampe slametan. Dene seng dhewe-dhewe masyarakat mung padha teka reresik kubur banjur kirim donga marang leluhur.  


Terimakasih semoga bermanfaat

0 Response to "ringkesan isi wacan "nyadran" remen basa jawi kelas 4 pasinaon 3"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel