Soal ulangan harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD bab 5 Kurikulum 2013



Selamat pagi adik-adik yang terus semangat dalam menuntut ilmu. Pada kesempatan kali ini akan kita pelajari soal bahasa jawa untuk SD kelas 4 bab 5. Pada bab ini membahas tentang cerita rakyat dan juga bahasa kromo. Semoga bisa menambah referensi dalam belajar.

A. Isenana nganggo tembung kang pas!

Wacanen kanthi premati kanggo mangsuli pitakon nomer 1-5
Dumadine Rawa Pening
Desa Banarawa lagi nganakake pesta desa. Wong wong pada masak iwak ula asil burone, nanging ing tengah tengah pada nyambut karya mau,ana bocah kang keluwen lan ala rupane,pesing, uga amis gandhane. Para warga pada ngadohi bocah iku. Manut kapitayane masyarakat, bocah ala iki bakal nekakke sial kanggo desa banarawa, mula bocah mau diusir karo kabeh warga. Kanthi ati kang loro, bocah kui lunga saka desa banarawa. deweke bingung arep lunga ngendi, deweke mlaku tanpa tujuan, anggone mlaku orang krasa tekan gubukke mbok rondho. Bocah mau banjur diopeni karo mbok rondho, bocah mau crito mari mbok rondho yen deweke iku baru klinthing sing diusir saka desane. Simbah mau tresna banget karo deweke, nganti urip sawetara dina karo baru klinthing. Wis pirang pirang dhina baru klinting manggon ing omahe mbok rondho, deweke njaluk pamit arep balik menyang desane. Sadurunge balik,deweke wekas marang mbok rondho yen mengko bakale ono banjir gedhe teko, lan mbok rondho dikon numpak prau wekase baru klinting. Sawise tekan desane, deweke nancepke sada ing lemah, sautara waktu ora ana wong sing bisa njabut sada kui. Baru klinting nyabut sada lan muncrat banyu gedhe banget lan dadi banjir. Wong sadesa padha kleleb kejaba mbok randa. Desa iku keleban banjir dadi rawa. Rawane bening banget. Wusana rawa iku dijenengake rawa pening nganti saiki.


1. Jenenge desa kang lagi nganakake pesta mangan enak lawuh iwak yaiku .....

2. Bocah bajang dikongkon semingkir sing adoh mergo awake .....

3. Nalika desane keleban banyu banjir, wong sadesa padha ....

4. Sing ngopeni bocah bajang kang keluwen yaiku ....

5. Bocah bajang kang keluwen iku sejatine ......

6. Asmane ratu ing medangkamolan yaiku.....

7. Sejatine titah kang awujud ula gedhe yaiku .....

8. Prabu dewata cengkar manggo ing .....

9. Karepe jaka linglung sowan ing kraton medangkamolan yaiku ....

10. Prentahe Ajisaka marang Joko Linglung sawise ngalahke bajul putih supaya mulihe liwat .....

B. Garapen manut prentahe !

1. Ukara iki dadekna krama sing bener !

a. Bocah bajang njaluk mangan
b. Jam siji aku durung bali

2. Ukara ngisor iki dadekna krama inggil sing bener !

a. Jam lima bapak wis rawuh
b. Ibu tuku buku ning pasar
c. Mau esuk simbah ngunjuk teh


Semoga Bermanfaat 


0 Response to "Soal ulangan harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD bab 5 Kurikulum 2013 "

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel